Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/191

Kaca iki wis divalidasi

bocah mau salah njupuk dalan. Nanging Watik kajibah nambakake bocah mau nganti mari lan kudu ndandakake sepedhane, nggone bocah kang remuk.

Watik ora wani mulih nyang ngomahe, wedi yen diamuk bapakne. Tekan nggone Surip, Watik nyritakake apa kang dumadi. Surip nyaguhi bab ragat bocah nganti sakmarine, klebu ndandakake sepedhane bocah kang ditabrak Watik. Surip banjur budhal nggawa dhuwit sacukupe menyang rumah sakit. Tekan rumah sakit jebul bocahe wis eling. Banjur tatune sing sakawit ikira fatal, jebule ya mung lumrah, malah dina iku uga dening dhokter wus dikeparengake mulih. Bocah mau dening Surip diterke mulih, sisan pasrah luput, senajan sing nabrak Watik anake Dikun. Mung tujune wong tuwane bocah mau bisa nampa, luwih-luwih si Surip ndhadha bab ragat, klebu mulihake sepedhane kang rusak. Usreg swarane wong-wong kang padha rewang, ngrasan Dikun kang sok remesik.

Awit wus padha ngerti yen Dikun klebu wong kang sok rumangsa dadi wong suci, malah sok semuci-suci. Najan wus makaping-kaping Surip disentulani, ewadene Surip tetep nyrawungi becik marang Dikun. Sejatine mono Surip wis pirang-pirang sasi kepungkur iki, wus ora nindakake main kertu, awit dheweke wus oleh pituduh nalika sok mangkat ngaji, senajan durung akeh sing ngerti. Mula ora mokal yen Surip dadi sugih pangapura marang sok sopoa, merga dheweke uga nglenggana yen dheweke nate ngambah alaming maksiyat, main kertu.

Awan iku uga Surip ndandkake sepedhane bocah kang rusak, mula sing cacat-cacat banjur diganti, nganti dadi pulih. Ganti dina, Surip pajeg listrik nyang KUD. Mulihe Surip ngendhegake sepedha montore, nalika weruh Dikun lagi padu regejegan karo nom-noman ing sakidul pekarangane. Bareng ditlusur, jebul manuk kocine Dikun ucul lan dicekel dening bocah sing lagi golek bajing nganggo senapan angin. Manuk mau, dening Dikun bakal dijaluk, awit koci kuwi pancen duweke Dikun naging ucul. Lha sing rumangsa nyekel, ora oleh yen mung teka dijaluk, awit dheweke ora rumangsa luput.

“Napa Kang Dikun kok ...?”

“Lha iki bocah ora genah, wong manukku jare, arep digawa ..., nyang ngendi kok ....” wangsulane Dikun. Surip manthuk-manthu.

“Lha kula weruh manuk mabur teng tegal ..., nggih kula cekel. Lha umume manuk teng njaban kurungan niku rak ateges manuk bebas, dadi nggih bisa dicekel sapa wae, kok modhel ....”

“Pun, pun ...,” panyapihe Surip. “Saniki supaya padha adhile, manuk niku kula sing nebus. Awit Kang Dikun nek upama mlayu ngoyak, ya sengara kuwat, nggih mboten? Sampeyan ya wis etung-etung mbiyantu nyekelke ..., nggih mboten? Ngga niki kenging ngge tumbas rokok ....” kandhane Surip karo ngulungake dhuwit eketan ewon selembar marang

178

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010