Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/193

Kaca iki wis divalidasi
WARISAN
Sudadi


Wis patang puluh dina Mbah Jaya Munjiran katimbalan marak sowan Ngarsane Pangeran. Tahlilan lan ngirim donga wiwit geblage Simbah nganti tekan pitung dinanan wis kaleksanan tanpa alangan. Wingi ing pengetan patang puluh dina kang diadani gedhen ana ngomahe Kusmiran, si anak ragil, kabeh anak putune Simbah padha nglumpuk. Ana telung puluh santri sing diundang mligi kanggo ngirim donga mligi katujokake mring arwahe Mbah Jaya kang wus mapan ing alam barzah. Panjaluke kang padha ndedonga muga-muga kabeh amale Simbah tinampa ing Ngarsane Gusti, kasuda dosane, katambahan ganjarane, lan dijembarna kubure. Amin.

Sabubare adicara tahlil lan ngirim donga tangga teparo wis padha bali. Wektu kuwi Kusmiran terus ngundang mbakyune loro kabeh, yaiku Kusmirah lan Munjiyah. Sajake ana bab kang wigati lan kudu dirembug ing wengi iku uga. Sawise padha lungguh, Kusmiran enggal-enggal miwiti pirembugan.

“Mbakyu kekarone, wengi iki gandheng wis rampung matang puluh dinane swargi Bapak, panjenengan sakloron takajak ngrembug bab wragad kanggo pemakaman sapiturute.”

“Wis enteke pira terus dipikul bareng, rak wis beres,” wangsulane Kusmirah, Si Anak Mbarep.

“Iya Kus. Becike pancen ditanggng anak telu kabeh. Wong nyatane ora ana sapa-sapa maneh sing dienteni,” sambunge Munjinah.

“Matur nuwun sadurunge lho, Mbakyu. Lha, saiki perlu takaturake yen wragad bapak dietung kawit gerah ana RSU, pemakaman, ngirim donga wiwit geblak, pitung dinanan, lan sing pungkasan matang puluh dinanan wengi iki. Sawise taktotal enteke patang yuta setengah. Ateges saben anak mikul wragad karo tengah yuta. Patang yuta setengah iku wis disuda sumbangan tangga teparo sing akehe meh setengah yuta.”

“Kok akeh temen t, Kus?” wangsulane Munjiyah cingak.

180

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010