Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/198

Kaca iki wis divalidasi

pati nggraita yen dheweke duwe rasa iku marang aku. Yen kabeh padha nglumpuk bubar Isyak, aku banjur nemoni lan crita ngenani apa-apa sing lagi dadi berita. Aku ora tau mbedak-mbedakake antarane siji lan sijine nom-noman kana. Nanging kahanan kuwi banjur beda rikala Indri, kanca kenthelku ing salah sawijning rapat kango 17-an dhusun mbisiki aku.

“Ris, apa kowe ra nggraita yen Wiwid kuwi darbe rasa tresna marang kowe?”

“Ah, ora macem-macem!”

“Dikandhani kok malah maido, lho!”

“Tenan lho, Ris, pancen bener apa sing dikandhakake Indri kuwi. Wis ta percayoa,” Mbak Yanti melu-melu nimbrung.

“Bocah-bocah kene wis padha ngerti kabeh lho!”

Wasana aku mung manthuk-manthuk. Aku pancen ora nggraita bab iki. Pirang-pirang dina Wiwid sikepe rada aneh, nanging apa iya dheweke ....

“Aku tresna karo Mbak Riris,” ngono ujare sawijining wengi sabubare rapat pungkasan kanggo acara 17-an dhusun.

“Nanging aku iya ngerti menawa apa sing tak rasakake iki ora bakal entuk piwales kaya sing dak impekake. Mbak Riris wis duwe Mas Agung, aku ya wis ngerti. Mbak Riris ora perlu kawatir,” pangucape alon banget ngiris ati.

Tak pandeng priya bagus sangarepku iki sawetara. Bingung, apa sing dak omongake maneh. Dheweke wis ngerti sakabehe, bab Agung, bab aku sing ora bisa nampa tresnane nanging saka ngendi?

“Aku mung njaluk Mbak Riris gelem ngancani aku, kuwi wae. Ya mung Mbak Riris sing bisa gawe dina-dinaku ora sepi. Gelem ya, Mbak,” panjaluke alon karo nyawang aku sajak kaya boah cilik njaluk sih ibune.

“Sejatine ana apa ta, Wid?”

“Aku duweni kangker, Mbak.”

Dina-dina sawise kuwi dikebaki dening Wiwid. Apa wae kegiyatan sing diprogramke kelompokku dheweke tansah ora tau kendhat mbantu. Gojekane nom-noman lan kanca-kanca KKN bab aku lan Wiwid ora tak gawe pikiran. Sing mesthi aku percaya apa sing daklakoni ora nerak wewaler kesopanan lan tata krama. Semono uga wektu ana acara perpisahan KKN kang manggon ana ing Parangtritis.

“Kowe ra bakal lali karo priya sing ngenteni pati iki ta, Mbak?”

“Kok, ngono ta ngomonge, aja marahi sedhih ah! Ra apik. Cah bagus-bagus kok sentimentil!”

Tak salami dheweke, nanging ora dinyana ganti tanganku digegem kenceng lan diambung sanalika. Embuh apa sing dakrasakake wektu kuwi. Trenyuh, sedhih campur dadi siji. Satleraman wewayangane Agung

kumlebat, banjur takculke tanganku sing isih ana gegemane.

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

185