Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/200

Kaca iki wis divalidasi
KEDHISIKAN, Maryono N.T.

Sundari karo wayahe padha mulih saka pasar Bandongan. Lakune turut dalan trabasan, pamrihe kareben enggal tekan ngomah. Tyasih, putune, ulate katon peteng. Sajak lagi ana sing dipikir. Ndeleng glagate wayahe mau, Eyang Putri, Sundari nuli pitakon.

“Apa kowe isih kangen marang ibumu, Ndhuk?”

Ditakoni mengkono iku Tyasih ora wangsulan. Malahan dheweke genti takon.

“Eyang Uti kuwi, lha piye Ibu kok ana Magelang wae?”

Mireng pitakone putune mau penggalihe rinujit-rujit pindha pecah-pecaha kae. Rasa ewuh aya anggone arep paring wangsulan. Upama bae, diblakani kok ora mentala ngono. Nanging yen ora diblakani, ateges goroh, terus njur piye. Ora becik. Yen blaka mengko piye dadine samengko. Ewadene, kepeksa banjur paring wangsulan supaya lega atine keng wayah.

“Tyas, Uti ora ngerti apa karepe Bapakmu.”

Kanthi wangsulan mangkono, Tyas malah banjur pitako maneh, “Apa Bapak karo Ibu lagi perang maneh kaya padatan kae Uti?”

Eyang Putri ora enggal-enggal paring wangsulan, nanging malah ngulur napase landhung. Bareng wis sauntara lagi suka pangandika.

“Yake bae ya ngono. Nanging panyana ala kuwi ora becik. Uti ora ngerti sing sabenere kok, Ndhuk. Jarene Bapakmu, kowe bakal entuk ganti ibu anyar ngono. Kae wonge rak ayu, luwes, grapyak, sumanak, sabar, pinter momong lan saiki isih ngasta dadi guru kok, Ndhuk.”

Anggone paring wangsulan ngiras mituturi wayahe. Nanging, Tyas, wayahe kuwi anggone mangsuli sajak ora cocog ing atine.

“Uti, Uti .... Wong Ibu kok diganti ta? Mangka yen aku ya seneng karo ibuku dhewe, sing asli ta Uti? Embuh yen Mas Har?” wangsulane kang ngemu pitakon serius sinambi ngelapi tase.

“E, Ndhuk, sing cetha Uti ora ngerti sing tenane. O, wani kowe

nyuwun pirsa karo Bapakmu? E, Ndhuk, ngati-ati dalane lunyu, lho. Atiati!” aloke Eyange Putri kambi nyandhak tangane putune wedok kuwi.

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

187