Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/204

Kaca iki wis divalidasi

Anggone tekan semono pamikire jalaran dheweke dhek semana durung nate kelakon gawe kepenake atine Sariasih kang temenanan. E, gek saiki jebul saiki wis arep winengku dening priya liya. Sejatine bae ana ing telenging atine Susmono isih ndarbeni rasa welas lan asih marang Sari, bojo kawitan kang idhamaning atine biyen ora sumedya omah-omah nganti ping pindhone. Ya mung sepisan karo Sariasih kanggo salawase. Kena apa dene lelakon iki seje karo idhamane?

Susmono nglandhungake napas, dhasare krasa kaya-kaya ana sing menetake. Awake kesel mula banjur miring mengiwa. Pandelenge genti nyawang potret kang cumanthel ana tembok. Potret kuwi warnane hitam putih. Potret sepisanan karo Sari sing klambi jambon. Klambi kuwi bahane anggone tuku dhek isih ana Singapura, dene rangkepane ireng iki anggone tuku dhek ana Jakarta arep mulih nyang Jawa Tengah. Liontine mawa mata ijo godhong, akik saka Kalimantan nalikane tugas ana ing Pontianak. Dadi sing dianggo nalika kuwi tumtuman saka telung panggonan, Sari lagi pacaran karo Susmono.

Memper bae dadi sawijining pangeling-eling kang angel ilange saka jroning ati. Sarasih mono sajane pancen ayu, luwes. Dedeg piyadege wis serasi ye karo dheweke. Mripate sing wus sawetara ora kedhep-kedhep kuwi genti marang sprei sing dituroni. Warnane jambon, Susmono kelingan yen sprei iki saka kancane salah sawijining pegawe negri warga tut wuri handayani. Iki mung saklebatan tamat. Nanging klambi jambon mau kebak kenangan kang lengket ing atine dheweke karo Sariasih dhek semana. Sprei jambon, paseksen bisu anggone turu sepisanan karo Sari, nanging sprei kang uga njalari dadi gawe.

Saben-saben sprei iki digelar, dheweke mesthi katon bingung. Gambar kang cumanthel banjur disawang ora ketang mung sakeplasan. Nanging sprei kuwi ngandhut sejarah kang embuh kelakone. Apa maneh yen kelingan nalika campur sepisanan, Sari bisa takon kapan anggone mundhut sprei iki. Wangsulane Susmono goroh, nanging ing batine wis mangsuli yen ora bakal lali.

Album biru kang isi potret paweweh sprei jingga mau asring ditiliki. Ati iki pancen bisa nyimpen wewadi, nanging sumpahe wis mung kudu karo Sariasih. Eloking lelakon, Gusti Allah Kang Kuwasa sakabehe, Susmono pisahan karo Sari, garwa kang manut idhamane ora bakal bisa pisahan. Nyatane?

Susmono tangi saka anggone teturon lan ngrucat spreine. Banjur diganti kang warna ijo. Kaya-kaya sing ijo kuwi ndarbeni daya tarik liya. Sprei iki gantine sprei warna jingga. Kang kanggo nggenti sejarahe kawit dhek malem pertamane. Ing sajoning atine nangis. Kelingan sing wis

kadhung.

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

191