Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/206

Kaca iki wis divalidasi

Bareng mlebu ing pasamuwan, wong-wong padha cingak kabeh, apa maneh sing dek semana wis padha kenal yen kuwi Sariasih bojone Susmono. Sing ana ing njero bingung, penganten lanang weruh Sariasih sekaliyan, atine kaya kena brongotan geni. Kringete gumrobyos kumrunyus, dhadhane krasa gumeter, jantunge kaya arep copot-copota.

Ora krasa mak leeesss ..., semaput, malah dadi layadan wong akeh .... Wong-wong dadi padha bingung.

Oh bener Sundari anggone kandha “yen kedhisikan anggon nikah”.

Djaka Lodang, No. 42, Th. XXXII, 15 Maret 2003

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

193