Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/209

Kaca iki wis divalidasi

Ngene ya, Mas Budi, Mas Darto, Mas Giyo, Pak Ardja, lan Bu Ardja, malem minggu kepungkur kira-kira jam setengah sewelas bengi entas mlaku-mlaku karo Soblah, aku diajak ngancani neng omah kontrakane Soblah. Lha pas kuwi diajak nonton film sing ngono-ngono karo dheweke. Wah atiku rak bungah isa gegojegan wong loro. Lha gojege dadi kebablasen.”

“Kebablasen kepriye karepmu?” pitakone Ardja Lenga marang Bedja Codhot.

“Wah ..., Pak Ardja niku dereng nate enem napa?” Bedja Codhot nggojegi.

“Hus ...! Ya wis tau ta ...” jawabe Ardja Lenga.

“Kebablasen kaya adhegan pilem kuwi nganti tekan esuk. Terus sewulane aku dolan mrono neng nggone Soblah. Lha pas kuwi Soblah blaka nek wetenge wis isi merga saka aku. Terus aku dikon tanggung jawab, lha nek aku ora gelem aku arep dilaporake polisi. Terus piye aku iki ..., Bud? Piye ...?”

Bareng ngerti critane Bedja Codhot, kabeh sing ana omahe Pak Ardja Lenga padha meneng. Padha thenger-thenger. Budi sing dipasrahi lelakon kuwi banjur omong.

“Ngene, si Soblah kuwi wong-wongane kaya ngapa, Dja?” pitakone Budi marang Bedja Codhot.

“Iki lho, Bud, wong-wongane,” wangsulane Bedja Codhot karo ngulungake fotone Soblah.

Fotone banjur ditampani Budi lan diubengake marang kanca-kancane, Budi nerusake omngane.

“Dja, jan-jane, aku iki wis wegah ngandhani kowe kuwi. Wis ping telu iki aku ngurusi kowe. Sepisan biyen kowe nggondhani randha, anake Yu Siyem Jarik kae, njalari anake dadi edan. Sing kapindho, kowe nggodha bojone mantan Lurahe, lor pasar kae, yaiku Karti, nganti kowe arep diantemi wong sak pasar. Lha sing katelu iku malah tambah parah. Sesuk nek iki wis bar terus kowe arep nguntal sapa meneh?”

“Wis Bud, aku pisan iki wae. Bar iki aku ora arep ngrepoti kowe lan sakanca maneh. Aku wis kapok Bud, aku kapok!” wangsulane Bedja Codhot karo ndhingkluk.

“Walah Dja ..., Dja. Dhasar jenenge Bedja. Piye-piye tetep Bedja,” clekopane Ardja Lenga nganti ngguyokake kabeh wong ana ing papan kono.

“Saiki ngene, wong tuwane setuju ora kowe oleh dheweke?”

“Wong tuwaku saploke ngerti critaku banjur ora gelem ngurus. Aku dikon ngrampungake dhewe, suk sapa sing bakal nandha tangani.”

“Gampang!” wangsulane Budi nggampangake.

“Gampang piye Bud?” pitakone Bedja Codhot sajak ora percaya.

196

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010