Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/214

Kaca iki wis divalidasi

“Wis, Sus, gek ndang dimaem, yen adhem ora enak mengko.”

“Trima kasih End. Sesuk, yen njajan maneh, gentian aku sing nraktir,” wangsulanku karo ngguyu.

“Gampang …,” kandhane.

“Eh, End, sedina iki mau aku kok ora weruh Ratih ki, ana apa?”

“O, Ratih? Dheweke ora mlebu Sus, jarene lara. Iki mau dheweke rak kongkonan adhine, nggawa surat ijin,” wangsulane Endang.

Ing batinku ana pitakon, “Lara? Lara apa dheweke? Mangka wingi ki dheweke waras wiris, lha kok saiki njur lara ki, gek ya lara apa mungguhna?” Sabanjure pitakonku marang Endang.

“Lara ki, lara apa ta End, dheweke?”

“Ya embuh Sus. Aku dhewe ora ngerti. Hambok uwis, mengko bali sekolah kowe tilik menyang omahe kana. Ha nek kowe menyang omahe, rak luwih gambling ta, Ratik ki jane lara apa?” wangsulane Endang karo ngetokake dhompet ing sake, terus mbayari bakso. Dumadakan bel tandha istirahat rampung. Aku lan Endang nuli enggal ninggalake kantin.

“Trima kasih lho, End. Sesuk gentian.” kandhaku.

“Padha-padha, aku ya wis dikancani,” wangsulane Endang, banjur lakuku sewang-sewangan.

Ing jeron kelas, atiku rasane tansah ora jenjem. Konsentrasiku ambyar, jalaran pikiranku tansah mikirake Ratih, sing miturut kandhane Endang ora mlebu, amarga lara. Apa maneh bareng Pak Rohadi ngawasake aku, kaya-kaya dheweke ngerti marang apa sing dadi kurang konsentrasiku.

Bagaimana dengan kamu Sus, apa sudah mengerti dengan soal yang baru kuterangkan? Ada pertanyaan?” pitakone Pak Rohadi sing gawe kagetku, saka anggonku ngalamun. Nuli wangsulanku, “Emm …, anu …, Pak …” aku ora bisa nerusake, jalaran kanca-kancaku wis padha kompak muni bebarengan.

“Huuuuuu …, dhasar Susila … kerjane ngalamun terus …, ya ca yaaa …,” aloke Si Krempeng.

“Mula aja seneng ngalamun Sus, nek diterangke ki …!” kandhane Bardi.

Iya Pak, harap maklum …, dia sekarang kan baru kasmaran, Pak…,” kandhane si Genot.

Ing batin, aku krasa mangkel banget , “Huhhh …, kurang ajar si Genot kuwi. Saupama ora ana ing kelas, mesthi wis tak tabok tenan lambene sing nyinyir kuwi. Amarga kahanan dadi rame, Pak Rohadi banjur,

Diam Anak-anak! Kena apa semua pada ketawa? Apa ada yang lucu? Senang ya, membuat temannya jadi malu? Iya?! Masalah kasmaran itu kan bukan urusan kalian. Apa kalian juga tidak seperti dia?!” kandha kaya mengkono iku, pasuryane Pak Rohadi wis malik dadi abang mbranang. Mertandhani, yen

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

201