Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/215

Kaca iki wis divalidasi

wis ngemu duka. Bareng keprungu kandhane Pak Rohadi mau, bocahbocah, nuli padha mak klakep, kaya orong-orong kepidak kae. Kancakancaku wis ngerti marang watake guruku siji iki. Nate, gara-gara pas dha diwulang ana sing ngrungokake radhio, Pak Rohadi banjur ninggalake kelas. Wusanane, kanca-kancaku padha grundelan, awit, gara-gara bocah siji sing kleru, lan gawe prekara, aku lan kanca-kanca liyane sing kena awune.

Biyasane, yen wis kaya ngono kuwi, Pak Rohadi anggone ninggalake kelas ora mung sedhela, nanging malah kondur. Dadi jam pelajaran wis ora bisa dibacutake maneh. Wusanane, kanca-kanca padha mufakat, padha bebarengan menyang daleme Pak Rohadi, saperlu nyuwun pangapura. Senadyan kaya ngapa dukane Pak Rohadi, gandheng kanca-kanca mau padha sarujuk ora mbaleni maneh, mula Pak Rohadi sesuke kersa mulang maneh.

Ha, nanging saiki? Kanca-kanca padha rame maneh, lan sajak Pak Rohadi wis rada ngemu duka. Aja-aja Pak Rohadi ninggalake kelas maneh kaya adate? Nanging, nyatane ora, bareng bocah-bocah padha meneng klakep. Nuli pelajaran diterusake maneh, nganti rampung.

Wektune wis sore, sawise aku adus, banjur ngetokake sepedha montor, saperlu menyang omahe Ratih, sing jarene manggon ana ing Jalan Mawar. Senajan aku wis sauntara kenal karo dheweke, nanging jeneng dolan menyang omahe babar pisan durung nate. Sore iku, aku pancen ngebet banget kepengin ketemu karo Ratih.

Tekan ing Jalan Mawar, ora kendhat anggonku takon marang wongwong, ing endi penere nggone Ratih. Sawise dak rasa wis ketemu omahe, sing katon prasaja aku banjur thingak-thinguk …. Aku weruh ana wong lanang, nembe nyapu latar. Dak cedhaki wong mau, banjur pitakonku, “Eh …, Pak! Sing lagi nyapu latar!”

Wong lanang lanang iku sajak ora ngrewes marang tekaku. Aku dadi mangkel, lan dak baleni pitakonku kanthi rada mbengok, “Pak! Pake, sing nyapu latar! Sampeyan ki budheg pa piye ta?”

Pak tuwa sing nyapu mau sajake krungu, bareng kandhaku mbengok sora. Dheweke noleh, terus karo ngawasake aku, sabanjure klithah-klithih mara.

“Badhe madosi sinten njenengan, Den Mase? Pitakone wong mau ngajeni marang aku, nanging rada groyok.

“Ratih. Ana ngomah Pak?” pitakonku.

“Oooo …, wonten.”

“Ana Pak?” pitakonku maneh ora basa, jalaran aku ndelengake pakeyane wae kaya bature, sajake.

“Wonten, Den Mas. Badhe pinanggih?” pitakone wong mau.

202

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010