Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/216

Kaca iki wis divalidasi

“Iya, Pak. Tulung, dheweke diaturi mrene, nemoni aku, lan matura yen dienteni kancane. Mengko dak wenehi mang ewu, Pak!”

Kandha kaya mangkono mau, aku karo ngulungake dhit lembarang limang ewon marang wong mau, nanging ora ditampani, dhite nganti tiba.

“Matur nuwun sanget, Den Mase, kula sampun gadhah yatra piyambak kok. Sampun, kula aturi ngasta malih kemawon.”

Huuu, dhasar wong gebleg, diwenehi dhuwit semono kok ora gelem nampani. Malah dibalekake maneh! Tukang kebon gebleg ndadak nggaya ra gelem! Ngono batinku, sing ora ngerti marang panampike.

“Ya wis Pak, yen kowe ora gelem nampani. Saiki gek tulung diundangke Ratih, bendaramu, digoleki kancane sak kelas, ngono ya Pak, ya?” kandhaku karo nglebokake dhuwit ing dhompet maneh.

“Inggih, Den Mase, sekedhap, dipun rantos riyin nggih!” wangsulane wong tuwa mau karo klithih-klithih mlebu. Edan tenan ane, wong tuwa ki jan ora nduweni rasa hormat tenan kok marang tamu. Mosok, dheweke mlebu, aku mung dikon ana kene, tanpa dimanggakake mlebu, batinku.

Embuh wis ana pirang menit anggonku ngenteni karo ngadeg nggejejer. Eee …, kok ya kebangeten temen, Ratih ki ora mencungul-mencungul? Amarga yen ngadeg terus aku kesel, mula banjur tak wanek-wanekake, sikilku jumangkah mlebu alon-alon. Ana swara lawang njero dingakake, lan kumleseting sandhal, bareng wis cedhak ing ngarepku, “E, jebul kowe ta, Sus?” Swara iku aku wis ora pangling maneh, manawa sing nduweni Ratih. Nuli pitakone maneh, “Ana apa Sus, kok sajak penting banget ki?”

“Anu, Tih …, mmm …, kowe kok suwe banget ta, anggonmu metu nemoni aku? Tur maneh, mosok aku dijarke ngadeg ngayer ing njaba?”

“Oooo …, ya sorry Sus, yen kowe durung dimanggakake mlebu. Kowe mau ndadak takon-takon ya?” pitakone.

“Iya je. Karang sasuwene awake dhewe kekancan ki, rumangsaku kok ya lagi iki, aku ngambah omahmu, Tih!” kandhaku karo ngguyu.

“Iya ya. Lha iki mau nganti kaping pira anggonmu takon marang wong-wong?”

“Ya, ana wong telu, sing dak takoni. Tih, aku mrene ki, aku ngerti yen jarene ki kowe lara. Jarene Endang. Lan maneh, sesuk ki, aku rak ulangan Matematika. Kowe ki, lara apa ta Tih?”

“Pancen aku ki esuk mau rada mumet, Sus. Ya tujune saiki wis rada suda mumetku. Ayo, lungguh dhisik kene, aja nggayer kaya tukang kredhit wae kowe kuwi, Sus.”

“Iya Tih, matur nuwun. Eh Tih …, tukang kebonmu ki kok gebleg banget ta?” pitakonku, sing njalari dheweke rada kaget sithik.

“Apa? Tukang kebon? Tukang kebon sing endi ta, Sus?”

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

203