Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/217

Kaca iki wis divalidasi

“Alaaah …, sing pas aku teka kene mau, dheweke kuwi rak nembe nyaponi latar. Aku ya terus njaluk tulung, supaya ngundangake kowe iki mau, Tih. Ning, jan, jan … Pak Bonmu ki, mosok, aku ora dikon lungguh dhisik apa piye? Lha kok mara-mara ditinggal ngono wae. Mbok dikandhani Tih, ben bisa ngajeni marang tamu,” kandhaku marang Ratih, rada sengol sithik.

“Mengko dhisik ta Sus. Kowe kandha yen ketemu tukang kebon ki, wonge sing kaya ngapa?” pitakone Ratih, sajak kepengin ngerteni luwih cetha.

“Alaaah …, kuwi lho, sing wonge wis tuwa, pawakane kuru, tur penganggone wis lethek kae Tih,” dak kandhani kaya ngono, alise Ratih banjur dijengkerutake.

Nuli, “Aku ki ora duwe tukang kebon, Sus,” Ratih miterang.

“Lha sing mlebu ngomah ki mau?” kandhaku karo drijiku nuding menjero.

“Sing mlebu ngomah? Ing kene ki ora ana Pak Bon, Sus. Yen kowe kandha sing nyapu latar kae mau, bapakku Sus!”

“Apa? Bapakmu?” pitakonku semu kaget.

“Iya. Bapak ki pancen seneng reresik latar, lan mbubuti suket. Lan maneh, yen dhong kaya ngono kuwi, senengane mung trima kaosan oblong sing wis elek kae. Kabeh kuwi, ditindakake, supaya yen reget ki karuwan,” kandhane Ratih ampang wae.

“Ah, mbok sing bener omonganmu kuwi Tih?” kandhaku sajak ora percaya.

“Lha yen kandhamu mau bener, kuwi bapakku.”

“Dadi …, wong sing nyapu kae mau …, ba …, bapakmu?!” wadhuh! Lha blaik ane! Kawetu tembungku sing ndadekake Ratih dadi gumun, nuli pitakone marang aku.

“Lho…, pancene mono kena apa Sus? Kowe ora percaya? Iya? Kowe isih ora percaya? Apa aku ya arep ngapusi karo kowe? Iki mau Bapak lagi siram. Ya saiki dienteni sedhela, Sus, dak gawekake wedang dhisik, amarga Bapak kepengin kenalan.”

Krungu kandhane Ratih, manawa bapakne kepengin kenalan karo aku, aku banjur kandha marang Ratih, “Emm … Tih. Kowe ora sah repot-repot. Aku arep nyuwun pamit.”

“Lho …, kena apa Sus? Kok kesusu arep bali ki?”

“Ora papa kok, Tih. Mulane kuwi, kowe rasah ndadak repot-repot nggawekake aku wedang. Sing baku, aku rak wis bisa ketemu karo kowe, kuwi wis lega aku Tih. Tenan Tih, aja repot-repot,” kandha kaya ngono

kuwi, aku terus jumangkah …, nanging …, “Lho, Sus! Lha bukune piye?”

204

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010