Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/218

Kaca iki wis divalidasi

“Wis bene dhisik Tih, aku selak ana urusan penting! Sorry, Tih, kapeksa aku ndang nyuwun pamit, lan aja lali …, sungkemku wae aturna marang bapakmu,” kandha kaya ngono aku terus jumangkah ninggalake Ratih, sing dak deleng kaya ana rasa gela, lan gumun. Sawise tekan montor sing tak parkir, aku terus nyetarter montorku, lan weeeer …, nggeblas, ilang saka panyawange Ratih.

Tekan omah, awakku banjur tak brukake ing dhipan. Aku rumangsa gela. Gela banget marang kabeh sing wis dak tindakake ana ing ngarepe wong tuwa, sing miturut panganggepku, wong tuwa mau, Pak Bone Ratih. Isih keprungu kandhane Ratih, nalika aku ngandhakake, lan takon sapa sejatine wong lanang sing mlebu ngomahe iku, “Bapakku kepengin kenalan, Sus”.

Oh, saupama aku mau ketemu karo bapake tenan, terus ngajak kenalan, arep dak deleh ngendi raiku iki? Kena apa aku kok dadi sial banget dina iki? Cilaka tiga belas tenan! Ah, kabeh iki mula pancen salahku dhewe. Kena ana, dadi wong kok kliwat sombong? Terus kepriye, sesambunganku karo Ratih mengkone?

Wewayangan-wewayangan mau tansah katon ngegla ing ngarepku. Keprungu swara adzan Mahgrib, aku banjur memburi, saperlu wudlu, kanggo ninggalake rasa sing ora karuwan, siyap nindakake sholat Maghrib.

Djaka Lodang, No. 44, Th. XXXII, 29 Maret 2003

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

205