Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/220

Kaca iki wis divalidasi

“Oooo ..., lha iki mau critane awakmu lapor pa piye?”

“Enggih dipun utus Kaji Soderi, sokur-sokur Pak RT kersa nomboki, hi hi hi.”

“Dhapurmu Kan? Apa anggepmu RT ki bos pa? RT kuwi pakaryan gratis dakkandhani. Pakaryan kang tiba ora enake.”

“Hi hi hi ..., guyon Pak RT. Nggih empun Pak RT, mung ajeng lapor mawon, yen ajeng tuwi teng mesjid nggih mangga ....”

Salungane Solekan, RT Marno nerusake anggone ngrokok. Bu RT mung bisa gedheg-gedheg weruh sikepe sing lanang, dilapori wargane bab kelangan kok malah jenjem bae anggone rokokan.

“Kok ming meneng bae ta, Pak? Mbok mara mrana ..., takon ..., kuwi rak jeneng RT sing open, jaremu mau awakmu dadi RT sing open!”

“Lha aku dudu polisi kok!”

“Oalah ..., Pak. Dudu kuwi karepku, ning mbok ya ngatonake sikep sing rada ketok neng masarakat ta!”

“Hiya... iya! Dak nglongoke menyang mesjid, ben awakmu seneng!” kandhane RT Marno karo menyat langsung ngunclug menjaba. Ditinggal lunga sing lanang kanthi ngomong semu sengak, Bu RT mung bisa gedheggedheg. Ning sabanjure ora direwes.

“Bapak! Bapak!” Bu RT nggugah sing lanang.

RT Marno njenggirat. Tibake dheweke keturon neng teras omah. Wong lanang mau mbukak mripate terus uceg-uceg.

“Oalaaah ...., Pak. Wong sore-sore kaya ngene kok ngantuk neng teras! Isin disawang wong liwat kae lho! Mendhing yen sing ngantuk kuwi manuk, kewan pethetan liyane, lha wong Pejabat RT kok ndadak nganggo ngantuk barang!

“Wis tekan pa?” takone RT Marno bingung.

“Tekan ngendi? Anggepe numpak bis pa? Iki neng omahe dhewe, Paaaak! Huh, isin tenan aku, dadi RT kok kelakuwane kaya kuwi!”

“Oooo ...., iki mau nembe keturon ta? Woalah ..., aku malah ngimpi dhek kawitan sound system mesjid ilang.”

“Keturon kok dipamerke lho! Wong ditinggal adus sedhela bae kok wis bablas!”

“Sida nyang nggone Pak Kaji apa ora?” takone RT Marno nggenahke.

“Oaalah Pak..., sapa sing karep si? Sing arep aweh sumbangan sapa si? Sampeyan ta, Pak?”

“Ooo ..., iya ya? Aku sing duwe karep kok!”

Bubar mbenakake sandhangane sing ketara lungset sethtihik, RT Marno sida budhal bebarengan bojone menyang nggone Kaji Soderi. Niyate RT Marno iku becik banget, kepengin nyumbang apa bae kanggo

mesjid desa kang kepener mapan ing RT-ne.

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

207