Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/221

Kaca iki wis divalidasi

Niyate nyumbang mono kawiwitan nalika nyambut gawe (istilahe RT Marno bisnis) lumaku lancar. Sing arep disumbangake kena diarani ora mekakat kanggo saukuran RT Marno. Dheweke niyat nyumbang kanggo keperluwan mesjid pengaji rong yuta.

Maune bojone ora sarujuk, amarga dhuwit semono kuwi angel golekgolekane. Nanging bareng digenahake yen dheweke duwe keyakinan, dhuwit rong yuta mau bakal oleh liru sing luwih gedhe, nembe Bu RT ngalah.

Tekane RT Marno sarimbit mesthi bae gawe kagete Kaji Soderi. Kaji tuwa sing rambute wis mabluk kuwi gita-gita mbagekake dhayohe.

“Njanur gunung tenanan! Ngimpi apa aku katekan Pak RT sakloron?” kandhane Kaji Soderi sing pancen basane ngoko marang sapa bae ing desa kuwi.

“Nggih, silaturahmi, Pak Kaji ....”

“Kene-kene dikepenakake lenggahe, aku dak nggoleki si Nyai dhisik ...,” kandhane Kaji Soderi karo jumangkah mlebu.

“Nganu ..., nuwun sewu Pak Kaji, nuwun sewu, menawi Bu Nyai mboten wonten mandar keleresan, awit kula badhe matur wadi ...,” kandhane RT Marno waleh.

Kaji Soderi mlengak krungu kandhane dhayohe, nuli nyawang RT Marno sawetara suwene. Klebu Bu RT dhewe uga kaget. Sing disawang manthuk.

{{r|Djaka Lodang, No. 40, Th. XXXII, 1 Maret 2003

208

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010