Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/222

Kaca iki wis divalidasi
WESEL Atas Danusubroto

Tangga teparone Mbok Kasan wiwit padha ngrasani awit randha mau, sajrone rong wulan iki anggone tampa wesel wis kaping pitu. Kaya ora sebaene. Sanajan wulan-wulan kapungkur tenane ya wis asring tampa wesel, nanging ora deres kaya sajroning rong wulan iki. Kamangka sing kirim mung anake siji. Kuwi kang wusanane dadi critan. Lambe kang seneng ndlewer, wiwit padha ngoceh. Kepetung Parmi tangga tunggal tritis atine wiwit katon umob. Dhasar wasis omong, mula nalika tuku bumbon neng warunge Yu Rubiyem, anggone ngrasani Mbok Kasan punjul rong jam dhewe.

“Yu, neng kana kuwi, njuk nyambut gawe apa? Mongsok kirim dhuwit kok lehe deres.”

“Sapa ngerti, saiki wis dadi juragan.”

“Juragan?” pitakone Parmi karo mencep.

Pancen mokal yen Lastri, anake Mbok Kasan kang nembe lunga mranto durung nganti rong taun saiki dadi konglomerat. Bocah mau anggone sekolah mung tamat es-em-pe, nuli kandheg marga wong tuwane ora bisa ngragadi. Merga nganggur, terus nyemplung dadi penari angguk wadon. Rupa manis, kawuwuhan kulit resik lan awak luwes, ndadekake Lastri klakon minangka penari kang rada kaloka. Penari angguk wadon, dadi incerane wong lanang thukmis. Mula ora mokal, nalika dheweke isih ana ngomah, tamune Mbok Kasan kaya wong antri. Dhasare Lastri akeh guyune, wasis srawung lan micara.

Akehe wong lanang sing sanjan saka endi papan, nemahi padha tawur. Jare merga rebutan Lastri lan anggone tawur ana ngarep bale desa. Nalika semana ana sing ngati tatu abot, kapeksa kudu dirukti neng rumah sakit. Saka kadadeyan mau, Kebayan Pawiro klakon nanting Lastri.

“Tri, kowe mbok milih cah lanang sing tenane kok senengi sapa. Nuli rabi. Yen kaya ngene terus, desa bisa tansah dredah. Saben-saben tawur merga awakmu!”

“Nanging, kula dereng kepengin rabi, Pak Dhe.”

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

209