Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/224

Kaca iki wis divalidasi

“Mbok, mumpung aku isih saguh, dandanana omahe dhewe,” pesene Lastri.

Omahe Mbok Kasan sing sakawit gedheg, saiki malih gedhong lan cekli kanthi alat rumah tangga sing jangkep. Sawise rampung ndanani omah, Lastri kirim dhuwit lan pesen supaya kanggo tuku sawah. Anggone kirim, cacahe akeh lan deres. Kuwi sing gawe kagete tangga teparone. Ora mung trima semono. Malah Pak Lurah uga kaget.

“Mbok Kasan,” ngendikane Pak Lurah nalika arep ngecap wesele. “Lelakon kang ora lumrah ki kadhangkala nuwuhake kahanan kang uga ora lumah. Semono uga asal-usule marga tumindak kang ora lumrah.”

“Kula mboten mangertos pangandikanipun Bapak.”

“Ngene Mbok, tenane anakmu wadon kuwi nyambut gawe apa? Coba gagasen, mongsok sajrone rong wulan iki kok anggone kirim dhuwit kaya tanpa etungan akehe.”

“Kula piyambak ugi dereng mangertos, Pak. Awit nalika kula takeni mboten ngaken.”

“Kejaba kuwi, alamate uga ora cetha. Atiku rumangsa ora kepenak. Merga piye wae, Lastri ya anakku. Ya rakyatku.”

“Lajeng kersanipun Pak Lurah?”

“Wesel sing loro iki durung bisa tak wenehi cap. Aku kepengin ngerti alamate Lastri sing cetha. Kudu ngerti apa pegaweyane kok nganti bisa kirim dhuwit semana akehe.”

“Menapa Pak Lurah cubriya?”

“Aja kleru tampa, aku ora cubriya. Nanging ngati-ati iku perlu.” Marga ora bisa distempel, Mbok Kasan kapeksa mulih nglenthung. Kamangka dheweke perlu mbayar sawahe Sodikin kang wis dirembug. Wondene Wagino ngerti wong tuwane bingung merga ora bisa njupuk kiriman nuli kanda.

“Mbok, aku dhewe uga cubriya marang Yu Lastri. Geneya gampang temen anggone nggolek dhuwit. Apa kok kira aku seneng yen saben dina tampa wesel kaya ngana?”

“Nang, ngertiya ya, yen mbakyumu kuwi mung duwe pengangkah keluwargane dhewe bisa munggah drajade. Ora kanggo pangewan-ewane wong akeh. Mbakyumu anggone lara lapa wis suwe. Anggone diina lan kanggo cacadan meh saben dina.”

“Aku ngerti rasane Yu Lastri lan kekerepane Mbakyuku. Nanging ora cocog karo cara sing dienggo.”

“Apa mbakyumu laku ngiwa? Mbakyumu laku sing ora bener satemah awakmu ora seneng?”

Wagino ora mangsuli. Mripate mandeng wong tuwane nganti sawetara wektu, wusana ora krasa eluhe ndlewer nelesi pipi. Weruh kahanan

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

211