Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/230

Kaca iki wis divalidasi

“Kowe seneng nganggo gelang kuwi ya, Ndhuk?”

“Remen sanget, awit menika ingkang mundhutken Bapak kula. Menawi kula kepengin ngertos sinten bapak kula, lan ing pundi kuburipun, inggih gelang menika ingkang kula sawang, awit ibu lajeng mbrebes mili.”

Atiku kaya didhodhog dhemit. Batinku nggraita, yen nitik gelang iku, wujude bocah iku, lan jenenge ibune Retnaningsih, ora mokal bocah iku anakku. Nanging yen ngelingi bocah iku kelairan kene, wis genah iki wong liya sing kapinujon wae madha jeneng. Atiku dadi semengka banget kepengin weruh ibune bocah iki, supaya genah perkarane lan banjur sumeleh atiku. Nanging iki wis arep manjing buka lan aku mengko kudu ngimami tarweh. Mesthine bocah iki uga kepengin enggal nyawisake buka kanggo ibune yen kondur mengko. Mula aku enggal-enggal pamitan.

Bubar sholat tarweh aku kethal-kethil ijen ing omahku sing pancen mung dak enggoni ijen tanpa kanca. Babuku wae yen sore mulih turu omahe dhewe kumpul kulawargane. Angenku nggrambyang, bali marang lelakon rong puluh taun kepungkur, nalika aku lulus kuliyah ing Surabaya. Dhek semana aku sambung tresna karo bocah aran Retnaningsih, lulusan guru sing urip karo bapakne kuwalon, aran Pak Parta. Bapake dhewe wis seda nalika dheweke isih cilik. Duwe sedulur lanang tunggal bapa ibu, aran Mas Kukuh, guru SMA ing Malang. Rehne bapak kuwalone ora setuju sambung-tresnaku karo bocah iku, kanthi meneng-meneng aku sakloron dinikahake dening kangmase mau minangka waline sing absah. Bareng bapak kuwalone ngerti, aku sakloron dipeksa pisah, jare arep dientukake dhirektur perusahaan, sing mesthi wae luwih sugih lan mapan tinimbang aku. Ngrumangsani ringkihing awakku, aku trima mundur ngagwa ati growah kelara-lara. Tujune aku enggal oleh gaweyan, diangkat dadi guru ing Pekalongan. Wiwit kedadeyan iku aku ora tau ngerti kabare.

Nanging aku ora bisa nglalekake dheweke. Aku tansah eling prasetyaku biyen karo Retnaningsih, salawase urip bakal setya tuhu ngugemi katresnan kang tulus. Lan aku ngerti banget yen dhek semana Retnaningsih wis mbobot rong sasi. Rong puluh taun aku tansah takon-takon jroning batin, kepriye lelakone Retnaningsih, kepriye dadine bayi sing dikandhut. Bola-bali aku kirim layang Mas Kukuh ing SMA Malang, ora tau ana balesan. Wekasan aku mung bisa pasrah marang Gusti Allah, kanthi pangajab muga sawijining wektu aku ditemokake karo anakku sing durung tau dak weruhi wujude.

Muncule bocah wadon aran Setyaningsih kang mirip banget karo Retnaningsih biyen, temen-temen nggodha rasaku. Nanging rehne iki lagi nedhenge pasa, notok atiku dak peper, sakuwate, dak sumenekake mengko sawise rampung pasa.

Nadyan rasane ngantu-antu kaya ngenteni abad anyar, nanging wekasane tekan wancine. Mbarengi dina riyaya kupat, nalikane wong-wong

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

217