Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/231

Kaca iki wis divalidasi

padha anglur selur menyang riyaya kupatan ing Jimbung, aku malah mangetan marani desa Sumber sing nggodha atiku.

Ing ngarep lawang omah cekli iku, aku uluk salam. Bocah ayu iku lagi katon nata dhaharan kupat ing meja sisih pojok. Renyah swarane nyauri aku.

“Oh, Bapak. Mangga Pak, pinarak.”

“Ibu ana?” takonku.

“Wonten. Mangga lenggah rumiyin,” saurane karo mangkat menyang mburi.

Rada sauntara aku lungguh ngenteni.

Lan nalika ana wong wadon patang puluhan taun njedhul saka ruwang mburi, mripatku mlolo nyawang tanpa kedhep, kaya-kaya ora percaya marang kahanan kang dak adhepi. Ora mung aku. Dheweke uga mengkono. Ngadeg njegreg ing tengah lawang, kedhep tesmak nyawang aku. Nganti sauntara. Wekasan mak brabat nyaketi aku karo ngucap setengah njerit, “Mas Setyadi!”

Mung kuwi. Sateruse ambruk ngrungkebi pangkonku, karo mingseg-mingseg. Nanging banjur njenggirat nginggati, mapan lungguh ing kursi sisih kana.

“Nyuwun ngapunten, Mas. Aku emosi. Aku ora ngerti kahananmu wektu iki.”

“Maksudmu apa?” takonku. “Kahananku ya kaya ngene iki.”

“Maksudku, mbok manawa kowe wis darbe wong liya.”

Aku gedheg. “Ora tau ana wong liya ing sisihku, Dhik. Aku isih tetep ngugemi prasetya ing ngarep kandhang macan putih ing jero kebon binatang Surabaya biyen.”

Retnaningsih tajem mandeng mripatku, kaya-kaya kepengin ngerti jeron batinku. Tanggap karepe, aku ngucap, “Dhik Retna, ora ana sing owah ing awakku, kajaba mung tambah tuwa kagawa umur. Aku isih Setyadi rong puluh taun kepungkur, wutuh kaya nalika aku mungkur ninggalake kowe ing omahe Pak Parta, bapakmu kuwalon. Mung atiku sing semplah kelangan pangarep-arep, jalaran bola-bali kirim layang Mas Kukuh ora tau ana balesan.”

Retnaningsih mbrebel eluhe, dleweran ing pipine kiwa tengen. Magep-magep ora bisa kumecap nganti sauntara. Sawise bisa aring napase, dheweke wiwit crita karo mingseg-mingseg.

“Mas, sesasi sawise kowe lunga, Mas Kukuh tampa dhawuh tugas belajar menyang Bandung rong taun lawase. Sawise rampung banjur ditugasake ing SMA Negeri Denpasar, akhire rabi oleh prawan Bali. Aku dhewe Mas, tekadku mung siji, kepengin nggoleki Mas Setyadi ing Klaten. Mulane aku nekad lunga saka omahe Bapak kuwalonku, nggawa surat

nikahe dhewe kae, karo nggembol jabang bayi putramu ing kandhutan,

218

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010