Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/233

Kaca iki wis divalidasi
BENING BANYUNE SENDHANG Suwadi W.S.

Dhadhane Taru krasa lega nalika tekan ngarep gubuge. Gawane sing abot diselehake. Krangkeng loro, sing siji isi anak menjangan, kancil lan bulus, sajodho-sajodho. Sijine maneh isi manuk. Ana drekuku, perkutut, jalak, cocak, kacer, lan liya-liyane, ya sajodho-sajodho.

Sakir sing ngindhik saka pereng gumuk klesik-klesik marang Parta ing sandhinge, “Kae deloken. Taru ki pa sinthing. Kewan-kewan iku arep nggo apa?” wong loro iku gedheg-gedheg.

Sing dirasani sauntara iku ngadeg ing ndhuwur watu, mesam-mesem nyawang lengkehing gumuk kang saiki katon ijo royo-royo katutup witwitan lan gegrumbulan, banjur noleh marang kewan-kewan ing njero krangkeng. “Kowe kabeh ora bakal dak kunjara. Arep dak kon urip mardika ing pagunungan iki, ngancani aku.”

Lawang krangkeng banjur dibukak. Kewan-kewan iku padha metu, lan buluse diculake ing sendhang wetan gubuge.

“Rak saya nemen ta sinthinge? Kae adoh-adoh digawa mrene, diculake maneh. Wis, ra sah ngurus wong sinthing. Gek ayo, ngethok kayu wae.”

“Ra ngurus piye. Wiwit dheke ana kene, awake dhewe ora bisa adol kayu lan areng. Saben a rep ngethok, mesthi dielikake.”

“Mulane ra sah direken. Rancangane wingi kae wae ditindakake.”

Parta banjur wiwit ngrekel pereng, ditutake Sakir. Tumuju alas sanakeling ing ndhuwur kana.

Sadurunge, pancen wis sarembug karo sawatara kancane, arep nyolong kayu maneh. Yen Taru elik-elik arep dikroyok, yen perlu dipateni. Tekan papan kang dituju, kancane telu wis ngenteni.

“Piye, wis mantep?” takone Parta karo nyaketi.

“Wis, ning yen ndadak mateni Taru ki dhasare apa?” saure Timan sing sendhen wit sana.

Dheke ki mung wong biasa ngono lho. Dudu mantri alas, dudu polisi alas. Mung tukang nggambar karo gawe reca. Ana kene mung wong

neneka. Ngreksa alas sukarila. Iya kana entuk hadhiyah akeh saka

220

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010