Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/234

Kaca iki wis divalidasi

Menteri, ning yen ngene iki, apa sing arep kanggo ngiseni wetengku lan wetengmu? Iki perkara mati uripe awake dhewe sakeluwarga!”

“Yen awake dhewe mengko diukum?” takone Timan.

“Ya direka nganggo cara sing aman. Dikroyok, diglundhungake jurang kono, njur awake dhewe ethok-ethok nulungi. Salah siji lapur. Beres ta?”

Kabeh setuju, banjur pating glathok padha ngethoki kayu.

Nalika iku Taru lungguh ana ing pinggir sendhang. Sedhela nyawang lukisane kang lagi dadi mau bengi, banjur ganti nyawang sendhang bening ing sandhinge. Lagi kaya mangkono krungu swara glathok-glathok wong ngethoki kayu. Taru nuli ngrekel lambunging gumuk marani wong-wong sing lagi padha salah gawe kuwi. Satekane ing papane wong-wong mau, atine krasa perih, “He, leren!” wuwuse karo malang kerik.

Ning, sing dielikake sajake pancen njarag. Mung toleh tinoleh sedhela, sajak ora nggape, anggone kethok-kethok malah saya diserokake.

“He, Parta! Leren dhisik!” tembunge Taru luwih sora.

Parta noleh, “Apa karepmu, Taru?”

“Lerena olehmu negori kayu!”

“Apa iki duwekmu?” Parta ngece.

“Dudu.”

“Kok, elik-elik?”

“Sik ta, genti aku dak takon, apa kayu-kayu iki duwekmu?”

“Ya, dudu.”

“Geneya kowe ngethoki?”

“Dudu urusanmu, Ru,” tembunge Parta santak wiwit ngancam. Kanca-kancane uga melu-melu.

“Alas iki darbeke negara. Aku ki warga negara, mula aku wajib melu ngreksa.”

“Supaya oleh hadhiyah, terus mateni sandhang panganku?”

Hadhiayhe awujud kewan, wis dakculne bali nyang alas kene maneh. Aku neng kene melu ngreksa alas iki murih ora rusak. Murih isa nahan lemah, nandho banyu, nyegah banjir, lan kali-kaline ajeg mili.”

“Ning iku mateni sandhang panganku. Kowe luwih mentingke menjangan tinimbang anak bojoku. Taru, wong kaya kowe kuwi pantese ya dipadhakake karo kewan wae!”

Karo alok mengkono, Parta tangane kumlawe. Kanca-kancane banjur padha ngrubut Taru. Ditlikung. Titaleni tangan lan sikile.

“Taru! Dina iki pungkasaning uripmu. Sedhela maneh kowe mesthi remuk kebentur watu-watu ing jurang ngisor kae. Siap, kanca …,” tangane Parta kumlawe ngabani kancane, ning kanca-kancane isih padha njegreg wae.

“Ayo, saiki!” abane Parta mindhoni.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

221