Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/237

Kaca iki wis divalidasi
BEO Ismoe Rianto

Jam loro bis Jaya jurusan Surabaya—Ponorogo mlebu terminal Jombang. Penumpang papat munggah bebarengan. Sing siji klambine biru lengen dawa, lungguh rong kursi samburine sopir. Ing larikan tengen sing sakbangku kanggo penumpang telu, njejeri cah wadon menganggo rok kembang-kembang terusan. Sijine nganggo hem kothak-kothak soklat, topi biru ing larikan kiwa sing sabangku mung kanggo rong penumpang. Sijine meneh kaosan klawu, lengen lan gulone abang, nyangking tas kresek ireng. Manggone telung bangku pernah mburine klambi kothak-kothak soklat. Sing pungkasan dhewe, klambine kuning tela lengen cekak. Kiwatengene krah direnggani kancing ireng. Rambute klimis, nganggo sepatu ireng. Nyangking tas ireng lan nyekethem handphone. Lungguhe rong kursi sangarepe kursi sing mburi dhewe. Saliyani kuwi mung pedhagang asongan sing ndlidir munggah-mudhun karo nawakake dagangane.

Persis tekan ngarep stasiun, keprungu swara kaya swarane anak asu kepidak. Supir, kondhektur, lan meh kabeh penumpang nyawang pernahe swara mau.

“Apa iki, Mas?” pitakone si klambi kothak-kothak soklat, marang si kaos klawu lan lengen abang sing sajak kerepotan ngrungkebi tas kreseke.

“Manuk!” wangsulane karo ndhingkluk. Keprungu swarane manuk ngoceh menyanyi lagu Indonesia Raya.

“Lho, beo ya, iku?” sepisan maneh sing klambi kothak-kothak takon. Sing ditakoni ora wangsulan. Nanging beo ing njero tas kresek iku malah genti ngoceh lagu Cucak Rawa Dawa Buntute.

“Ngedloki Mas!” panjaluke klambi kothak-kothak soklat sajak ora sranta. Tas kresek diulungake. Klambi kothak-koyhak soklat ndhungkluk. “Assalamu alaikum,” beo ing njeron tas kresek iku ngoceh maneh.

“Wah, manuk wis dadi iki!” sumambunge karo ngulungake bali. Beo njeron tas kresek ngoceh, “Cewek, cewek, cewek ….”

“Oleh saka ngendi, sampeyan?”

“Kancaku duwe utang nem atus dikeki manuk iki.”

“Untung sampeyan.”

224

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010