Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/240

Kaca iki wis divalidasi

Sing dipamiti manthuk karo ngguyu sajak kalegan. Tekan terminal lawas ngarepe stasiun, klambi kothak-kothak soklat mudhun, ditututi klambi kuning tela, nyangking tas nyekethem handphone.

Wiwit metu saka terminal nganti laladan Guyangan malah nganti Bagor, ora keprungu swarane beo ngoceh. Ora keprungu swara anyanganyangan rega, ora keprungu pangalembana. Sing mentas tuku manuk sedhela-sedhela nginguk njeron tas karo mincing ocehan. Penumpang lanang, jakete abang biru, wiwit krungu kaya anak asu kepidak mau, nganti wong wadon ngulungake dhuwit, sejatine wis ngerti yen pawongan papat iku tukang ngglembuk. Pakaryan kaya mangkono iku kerep ditindakake ing angkutan Surabaya. Tuku manuk ing Pasar Kembang rega limang ewonan, diwadhahi kanthongan kertas dirangkebi tas kresek, banjur nyegat bemo. Carane golek memangsan ora beda kaya kang mentas dicakake. Lan racake kabeh wasis nirokake ocehe sawernane manuk. Mung wae penumpang lanang iku ora kuwawa tumindak apa-apa. Bisa seling surup lan nyilakani, jalaran tukang-tukang glembuk kuwi mentalan.

“Ngimpi napa wau dalu, Bu?” pitakone penumpang lanang liyane. Sing ditakone plenggang-plenggong, praupane suntrut mertandhani yen atine gela.

“Cobi, sampeyan angkat manuke!”

“Mengke mabur?”

“Kula ijoli.”

“Niki manuk pinter!”

“Kula ijoli sing luwih pinter!”

Sawise manuk diangkat saka njeron tas, wong wadon sing mentas tuku iku, meh wae njerit. Penumpang liyane nyawang, padha mlongo. Dudu manuk beo sing pinter ngoceh, nanging jalak uren gering sing wulune mbrodholi, lengih-lengih sajak keluwen. Bisane mung muni, “krek-krek”.

“Niki dos pundi genahe?” aloke serak, raine saya pucet.

“Genahe ngaten, sampeyan niki pun kebujuk.”

“Mateng aku! Ayahe Silvi mesthi ngamuk!”

Sabanjure penumpang kuwi njlentrehake kaya crita batine penumpang jaket abang biru, wong wadon iku manthuk-manthuk cuwa.

“Gak masuk akal, wong rega nem atus ewu diculna rong atus seket. Diijoli handphone ditomboki satus gak diculna,” wong lanang iku kojah.

Tekan Wilangan bis mandheg, jalaran sepur ngulon arep liwat. Penumpang wadon setengah tuwa iku ngadeg. Tas kresek sak isine diuncalake liwat cendhela. “Krek-krek” jalak uren iku mbrobos, banjur ora nywara. Manuk sing wis ora kuwat mabur kuwi kira-kira diplindhes trek sing wiwit nggremet, mbarengi sepure liwat.

Jaya Baya, No. 50, Minggu III, Agtustus 2004

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

227