Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/241

Kaca iki wis divalidasi
JEM Yudhet

Angin pesisir Candi Dasa nampeg raine. Rambute sing rada gondrong montang-manting ndilati pundhak sing dibuntel kaos warna putih kanthi gambar leak ing pernah ngarep. Ing pundhak kiwane sumampir andhuk warna abang jambu. Sikil sing diclanani jeans jumangkah tumuju papan panginepane Wangi.

“Yek, gung adus,” cluluke Wangi

“Kentekan banyu. Aku nunut kene,” kandhane sing mentas teka.

“Sik kanggo.”

“Sapa?”

“Fung Fung.”

Sing mentas teka banjur lungguh ing kursi kosong sing ana panginepan. Wong loro, Wangi lan dhayohe, padha lelungguhan. Ing antarane wong loro ana meja cilik. Ing sandhuwure cumawis asbak saka kayu kanthi pepethan wong sing lagi pepasihan.

“Suwi men ta,” panggresahe priya sing dadi dhayohe Wangi.

“Sabar ta, Gus. Ra adus ya ra papa kok.”

Ora let suwe keprungu lawang jedhing ing njero panginepan dibukak, banjur ditutup maneh.

“Wis rampung kae lho,” kandhane Wangi ngemu sasmita supaya dhayohe age-age adus. Sing disasmitani menyat.

“Adus kok suwi banget,” kandhane sing arep nalika papagan karo Fung Fung sing mentas saka jedhing.

Suka-suka dong, jedhing-jedhingku dhewe,” wangsulane kenya mripat sipit iku karo ngencepi sing arep nunut adus.

Angin pesisir tumiyub banter. Gegodhongan ing taman ngarep panginepan lunjak-lunjak sajak kaya nyenggaki jumlegure ombak segara sing dohe mung sawetara jangkah saka panginepan.

“Ngapa Gusti adus mrene, Mbak?” pitakone Fung Fung karo nyeleh bokonge ing kursi sing mau dilungguhi priya sing saiki lagi gebyar-gebyur ana ing njero jedhing.

“Kentekan banyu.”

228

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010