Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/245

Kaca iki wis divalidasi
KODRAT
Suharmono K.

Mudhun saka bemo gegancangan dheweke mlaku menyang stren kali iku. Wektune wis rada bengi. Mesthi kanca-kancane wis akeh sing padha mangkal ana kono. Ing salon mau akeh sing potret (potong rambut). Mula tekane ing kono rada telat. Malah dheweke ora kober makasar (mangan). Wetenge luwe sengaja ditahan, sing penting enggal bisa ketemu pemudha brondong pepujane iku. Salon panggonane nyambut gawe pancen lagi cucok (laris). Akeh wong potret (potong) ing kono. Perkara mangan, bisa mangan ing warung naspro (sega) ing stren kali iku.

Jam tangane wis nuduhake jam sepuluh. Ing ngisor lampu PJU (Penerangan Jalan Umum) dheweke mandheg, njulup benges, celak, lan kaca. Dheweke ngaca, mbenakake celake lan bengese ing lambene sing wis wiwit luntur. Saka ngisor lampu mercuri ketok praupane kanthi cetha. Sawise dirasa pantes, dheweke bali nglebokake celak lan bengese ing tas cangklong sing digawa, banjur mbenakake behane. Papan kono wis katon rame.

“Lagek teka Mbak Noni?” pitakone Eni sing ngadeg ijenan pasang aksi ing papan kang rada peteng.

“Iya, lho En, salone lagek Ramayana (rame),” wangsulane cekak.

“Akeh lho sidhune (dhuwite).”

Dheweke nyebek, “Sing akeh ya juragan,” wangsulane.

“Isih duwe rokok, Mbak?”

Dheweke mandheg, banjur mbukak tas cangklonge. Eni marani nampani rokok, njupuk sealer banjur dirokok. Dheweke nglirik dandane Eni, pancen rada montok amarga suntik silicon. Kabeh wong kaya dheweke pancen kepengin duwe dhadha kaya dhadhane Eni. Nanging yen kudu suntik silicon ya mikir-mikir dhisik. Akeh efek sampingane kang mbebayani.

“Mbak Noni, arep menyang ngendi?” pitakone Eni sawise nyedhok rokoke.

“Aku lapangan (luwe) En, arep belalang naspro (tuku sega) ing warung naspro (sega) kono. Mawar (gelem)?”

“Gak Mbak, aku isih warsek (wareg).”

232

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010