Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/247

Kaca iki wis divalidasi

bungah. Ya mung rokok kang bisa ngancani wong-wong kaya dheweke nalika lagi kasepen. Rokok uga minangka sarana tepungan karo wongwong kang ketarik marang wong-wong kang kaya golongane. Wiwitane saka rokok, “Mas, nduwe rokok Mas?” Tembung sakecap rong kecap kuwi bisa nuwuhake sesambungan kang luwih jero.

“Piye kabare Tanti?” dumadakan dheweke kelingan kancane sing tau diireni wong akeh iku.

“Genah awake entek kaya wong kematus ngono kok. Saiki nglimpreg ana rumah sakit, kaya jrangkong.”

Krungu wangsulane Weni iku dumadakan keteg jantunge tambah banter. Arep ngomong rasane kaya blangkemen. Weni mujudake kanca sing paling semok, paling kenes, paling ayu. Mula ya ora aneh yen pacare gonta-ganti. Sing pungkasan Tanti gandheng karo wong bule, banjur digawa menyang Bali, awake dadi lara-laranen, tambah kuru, tambah kuru.

Dheweke ambegan landhung. Wis ana sawetara kancane sing lara kaya Weni. Menur biyen ya ngono. Awake saya suwe saya kuru, banjur nglimpreg kaya jrangkong. Koran-koran geger. Meh kabeh Koran sa Indonesia ngemot fotone Menur sing kaya jrangkong. Menur keserang penyakit sing nggegirisi sing durung ana tambane. Menur banjur kapundhut dening Gusti Kang Maha Wikan. Setaun candhake giliran Prapti sing uga kena penyakir kaya ngono. Prapti uga ora ketulungan. Rong taun maneh banjur Yeni sing kena penyakit nganeh-anehi iki, AIDS!

Wektune sangsaya nyengkrek. Angin sumbirit ing stren kali iku nggawa rasa atis. Lan atise kahanan malah gawe semarake kahanan ing kono. Swara musik ndhangndhut saka warunge Pak Joiman sing pasang salon, gumonthang nambah semangate kang padha omben-ombenan. Ing pojok kana katon Eni lagi rerangkulan karo sawijining pemudha. Ing papan liya maneh katon remeng-remeng wong loro lungguh empet-empetan, mbuh sapa. Ing kahanan kaya ngono iku dumadakan krungu swara, “Obrakan …! Obrakan …!”

Noni ndengengek kaget. Weni uga mencolot kaget. Wong-wong padha mlayu-mlayu. Lan tanpa dikomandho maneh, dheweke lan Weni nyincingake roke dhuwur. Nanging cilaka, lagi bae arep mlayu, tangane wis dicekel dening Polisi Pamong Praja.

“Mandheg aja mlayu!” kandhane Polisi iku karo nyekeli tangane Noni kenceng. Kenthese dicaantholake ana sabuke.

Noni mberot. Nalika tangane sing dicekeli Polisi iku ditarik krasa abot amarga digandhuli, tangane sing digandhuli dijokake banjur disendhal. Polisi Pamong Praja iku tiba kejengkang. Noni banjur mlayu sipat kuping golek slamet. Sing dipikir mung siji, bisa slamet saka cakupan. Bisa kalis saka tindak tipiring (tindak pidana ringan). Mula playune diseputake, nuju papan sing lindhuk, lan nyoba ngedohi papan kono saadoh-adohe.

231

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010