Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/248

Kaca iki wis divalidasi

Ana satengah kilometeran anggone mlayu Noni. Nalika ana bemo liwat, dheweke nyetop bemo iku banjur nyengklak. Kringete dleweran. Ambegane krenggosan, dadi kawigatene penumpang-penumpang bemo liyane.

“Slamet ya, Mbak. Mau aku siwed (wedi) banget! Mbak Noni mau njrongkrokake Polisi ngasi njekengkeng.”

Noni noleh. Eni jebul wis lungguh ana pojok, iya adus kringet kaya dheweke. Make-up-e sing merok-merok luntur dening kringet. Sanajan mangkono, kaya dheweke Eni uga rumangsa lega atine. Rumangsane kaya lagi bae bebas saka pidana pati.

“Sia, En!” celathune Noni.

“Mbak Noni, terus arep menyang ngendi?”

Polonia (mulih) En, terus situr (turu),” wangsulane cekak.

“Ora ngeber (golek mangsa)?”

Noni ora wangsulan. Bemo terus ngenthit nuju terminal kanggo mandheg sauntara, sadurunge nerusake laku maneh. Kaya lakune manungsa kang tansah ngalami godha rubeda sadurunge mandheg ing terminal akhir panguripan. Sauntara wengine terus nyengkrek. Kelap-kelip atine Noni kaya kelap-kelipe lampu sadawane dalan.

Teka kost-kostan Noni terus ngebrukake awake ing amben. Ujug-ujug awake dadi sayah, dadi lungkrah. Rumangsane kabeh-kabeh padha ngedohi. Wis ora ana papan maneh kanggo wong-wong kaya dheweke ing donya iki. Kamangka dheweke uga pengin urip lumarah ing satengahe bebrayan. Nanging ana tembok kandel kang misahake. Yen wong-wong kae duwe rasa tresna lan pengin ditresnani, dheweke mangkono uga. Yen wong-wong kae bisa nindakake akad nikah, dheweke mengkono uga. Nanging pengulu ngendi sing arep gelam nikahake dheweke karo wong sing banget ditresnani?

Noni ambegan landhung, kelingan kakange ing desa. Biyen kakange katon asih banget. Luwih-luwih yen ulangane oleh satus. “Kowe kudu luwih sregep Le, suk ben dadi guru, ora kaya Kakang sing saben dina mikuli gamping digawa menyang tobong. Aku sing bakal ngragadi, sanajan uripku Senin-Kemis.”

Mung prasaja gegayuhane kakange iku. Mung dheweke bisa dadi guru, dadi priyayi. Nanging rasa asihe iku banjur malik grembyang, nalika kakange weruh dheweke seneng macak, celaka, lan kanthi sesidheman nganggo klambine mbakyune. Sepisan pindho dheweke mung dielingake, nanging sawijining dina nalika dheweke bengi-bengi metu nganggo klambine mbakyune maneh, tekane dipethukake kakange kanthi mata abang angetirah.

“Kowe aja nyalahi kodrat, No!” kandhane, “Wis ping pira anggonku

ngelingake?” Lan kakange nyaut pikulan. Pikulan sing saben dina dianggo

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

235