Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/249

Kaca iki wis divalidasi

mikuli gamping iku digebugake awake pisan pindho, ping telu …. Embuh kaping pira dheweke ora ngerti, nganti pikulan iku tugel dadi loro. Tugelane isih panggah kanggo nggebugi dheweke.

“Adhimu mati nek kokgebugi terus!” kandhane emake. Kakange lagi mandheg anggone nggebugi bareng krungu kandhane emak-e iku.

Noni ambegan landhung, “Apuranen aku, Kang! Rumangsaku, aku ora nyalahi kodratku, kok. Ngene iki pancen wis kodratku. Aku ora bisa minangkani gegayuhanmu!” pangrintihe.

Dheweke bali kelingan nalika kanca-kancane padha nggoda dheweke ing sekolahan biyen, “Parno wandu …, Parno wandu ….” Lan wiwit iku dheweke wis terus ora gelem sekolah.

Jaya Baya, No. 01, Minggu I, September 2004

236

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010