Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/251

Kaca iki wis divalidasi

“Saben wulan, gajine awake dhewe iki dipotong kanggo urusan kesejahtraan. Kamangka gunggune guru lan penjaga sak kecamatan ki ora kurang saka patang atus uwong. Ping rong ewu mangatus, sak wulan wis nglumpuk pira? Iku yen sak wulan, menawa setaun, nggo wira-wiri apa ora mubra-mubru?”

Pak Gik sing wiwit mau mung meneng wae sumela atur, “Dhuwit semono iku rak kanggo ngurusi SK ta, Pak? Nggo wira-wiri lan akomodasi karo nggo mbeseli sing ana meja, rak ya wis klop ta, Pak?”

“Ngurus SK rak ora saben sasi ta, Pak? Karo maneh sing wayahe ngajokake tingkat kan ora bareng. Paling banter sak rombongan wong selawe utawa keh-kehe seket uwong. Kamangka tarikane ajeg saben wulan,” Pak Jupri nyoba ngyakinake.

Para guru sing padha ngrubung Pak Jupri padha meneng anteng, kabeh padha ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Ana sing sarujuk karo gagasane Pak Jupri, nanging uga akeh sing ora setuju. Ngelingi yen Pak Jupri iku wong sing pinter gawe urikan.

Weruh kalodhangan sing apik iku, Pak Jupri saya ndadra olehe nyebar wisa, “Karo maneh, saben wulan wong-wong sing kawogan iku ya wis nampa blanja dhewe. Kok sik mentalane nyowok blanjane kancane, mung pawadan ngurusi nasib.”

Bu Sutambah sing yen nngendikan seru melu nrambul, “Nggo wirawiri lan nggo yasa blangko rak ya butuh ragat ragat ta, Pak? Karo maneh olehe ngurus rak ya ora sepisan dadi. Butuh bola-bali Malang—Surabaya. Yen arep diurus dhewe ora tambah sara?”

“Bener nggo ragat. Ning apa ya nganggo dhit sakmono kehe kuwi. Nek ditarekne anggota, wah …, wis mesthi dha ra sarujuk.”

Meruhi glagatsing ora kepenak, Pak Jupri tanggap ing sasmita, “Panjenengan ora susah sumelang, mengko aku dhewe ragate sing nanggung. Calon pemimpin kudu wani berkorban.”

“Inggih, Pak!” wong-wong mangsuli kanthi polatan sumringah.

Dina Minggu esuk, Pak Jupri olehe dandan jan necis, penganggone mlipis, rambute klimis. Bu Jupri sing ora pati sarujuk karo gegayuahne Pak Jupri nyoba ngelikake, “Pak, mbok ora sah ngaya-ngaya ta olehe kepengin dadi Ketua PGRI kuwi. Nek pancen rejekine mbesuk rak ya oleh wahyu dhewe, rasah dauber-uber kaya ngono kuwi.”

“Wis, wong wedok ra sah ngurusi butuhe wong lanang. Sing penting kendhile ra nggoling, gelase ra nganti garing. Ra usah muring-muring,” Pak Jupri mangsuli kanthi polatan mbesengut terus nggeblas nyengklak sepedha.

Tekan ngarep regol rumah makan Bojana Puri, Pak Jupri wis dipapag

karo para Ketua perwakilan sing wis padha rawuh wiwit esuk. Kabeh

238

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010