Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/252

Kaca iki wis divalidasi

padha nyalami. Sepedhane dituntunake Pak Lamijo, diparkiake. Wah, pokoke jan disambut kadidene pemimpin temenan ngana kae.

Karo gumujeng seneng Pak Jupri ngacarani tamune, “Kene, ayo terus pinarak njero wae, njur pesen dhaharan sak kersane! Rasah sungkansungkan, sing ana ndalem dipesenke pisan nggo ndhodhog lawang. Rasah kuwatir, paling ra ngentekake tebu sak hektar wae kok ….”

Saliyane ngasta guru, Pak Jupri iku pancen sregep nyewa tanah kanggo nandur tebu. Mula, sadina-dinane sangune ya rada kandel. Olehe dhahar, nalika iku sajak sengkut banget. Batine sing padha dhahar, lumayan oleh gratisan, thik ra tanggung-tanggung. Budhal-mulih sangu diijoli, kathik isih digawani oleh-oleh. Wah, jan rejeki nomplok temenan iki.

Pak Jupri dhewe atine ya rumangsa kelegan. Awit manut palaporane ketua kelompok, kabeh wis ora ana sing nguciwani. Pilihan pengurus PGRI minggu ngarep mesthi bisa dimenangake.

Acara pemilihan pengurus PGRI tingkat kecamatan lumaku kanthi lancar. Panitiya olehe ngatur jan pinter tenan, karang wis padha pengalaman. Sing padha magang dadi pengurus pinarak ngarep jejerjejer kaya yen pilihan lurah ngana kae. Pak Jupri pinarak ana kursi nomer loro, jejer karo Pak Harsono, sing pinarak ing kursi nomer siji.

Bareng kabeh wis padha nyoblos pilihane, acara penghitungan suara enggal diwiwiti. Pak Jupri sajak ayem wae, kaya-kaya wis mesthi menange. Karo mirsani penghitungan oleh-olehan swara, Pak Jupri wis mikirmikir golek paraga sing kira-kira bisa diajak dadi pengurus PGRI.

Nanging, bebasan luput saka embanan, mrucut saka gendhongan. Asile penghitungan suara pranyata adoh saka pangangen-angene Pak Jupri. Saka patang atus swara luwih, pranyata sing milih Pak Jupri mung kurang saka satus swara. Ora cocog babar pisan karo palapurane tim suksese Pak Jupri sing wis keraya-raya diragadi.

“Kurang ajar! Aku diapusi!” Pak Jupri muring-muring karo nggoleki ketua perwakilan tim sukses.

Nanging sing digoleki wis ora ketara irunge, awit sadurunge penghitungan suara diwiwiti wis padha bali ndhisiki. Kabeh wis padha ngerti manawa Pak Jupri mesthi ora bakal menang ing pamilihan. Palapuran kang diwenehake marang Pak Jupri mung lapuran asal bapak senang. Sing baku kabeh wis oleh uang makan lan jajan.

Pak Marsudi banjur nyedhaki Pak Jupri sing lagi dheg-dhegan ana ngarep lawang, “Oalah … Pak, Pak …. Andekna oleh sampeyan umuk kok nganti kaya arep mecahna kendhangan kuping. Jebulane kok mung ngomplong tanpa wuwungan. Ngendikan panjenengan sing sok gembedhe kuwi mung tak ibaratake kongkang mangungkung sak njeroning leng. Swarane sora, ning babar pisan ora ndayani.

Jaya Baya, No. 52, Minggu V, Agtustus 2004

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

239