Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/253

Kaca iki wis divalidasi
PASRAH Sutarmanto

Angger byar padhang, presasat ora ana wong ana ngomah. Pating blesar mrana-mrene, pinangka tengere wong urip. Wong urip kang merlokake kecukupan. Ora ketang ya mung mangan sewaregan. Nyandhang apa anane. Maneka werna obahe wong-wong ndesa iku. Ora nggagas ndhekok ana ngomah, jare. Omah mung kaya dene selembar godhong jati sing kanggo ngaso sawatara.

Ngerti wong-wong padha sumebar dhewe-dhewe iku Trimo malah mung ndomblong. Mripate cowong. Ora mikir apa-apa. Arep golek apa wong-wong iku, batine. Wiwit metu saka anggone nyambut gawe ing panggonane juragane tobong gamping kulon kali kae, angger byar padhang dheweke mung thenguk-thenguk ana ngemper, nyawangi wong-wong kang padha liwat. Wong-wong mau ya sok ana sing ngaruh-aruhi. Ewa dene Trimo ora mangsuli. Yen wis sepi wong, banjur nggloso ana ngemper iku, nganti sedina keceput. Ora eling adus, ora eling mangan, ora eling apa-apa. Trimo pancen nandhang lara dhepresi wis telung taun iki.

“Gek piye ta, Tri! Awakmu iku isih jaka. Yen ngono terus gek piye mbesuk. Kabeh wong ngandhakake awakmu. Lha wong enom kok saben ndina wiwit esuk tekan sore kok mung ngonoooo wae. Apa gek ya ora mikir omah-omah, mbesuk. Apa ora mikir kepiye olehe arep nyukupi butuh?”

Emboke, Mbok Sutik angger-angger nguneni Trimo. Saben nyawang anake lanang sing thonga-thongo iku rasane pancen semremet. Kon ngresiki jogan malah terus jedhar-jedher, nyabet-nyabetake lawang. Nyelehke kursi ya dhar-dher. Ndokok sapu ya sruwung. Mbalekake jungkat ya klothak. Tebah-tebah uga kemrompyang. Kaya oreks bambu kae.

“Cara wedoka ngono wis takkon nyang planyahan kana wae, Tri!

Ngapa! Angger-angger mung megog-megog. Nggagas sing ora nyata. Mikir sing ora ana. Nggetuni sing wis kelakon kaya wong amleng. Huh! Ke, kanca-kancamu wis dha dadi uwong kabeh. Bagong dadi DPR, Werta dadi bupati. Huh, ngowoh!”

240

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010