Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/255

Kaca iki wis divalidasi

“Krungu lho, Yung! Witikna piye aku iki. Awakku lara, rasane kaya dijur-jur. Turu ae, ra isa lho. Aku iki bingung arep ngapa. Dhadha gemeter, sirahku abut klepyur-klepyur kebak barang kemrembyah. Mlaku ae, genah senthawingan ngene lho, Yung,” sambate Trimo.

“Mula ta mula. Dadi wong ki ra sah neka-neka. Nyambut gawe wae metu. Gek ya apa. Jebolan SMP wae. Thonga-thongo saben dina. Salahe sapa lara. Garapane nangis. Tangi nek srengengene durung segenter durung tangi. Njelehi. Ya wis gek rabi kana wae yen anu!”

“Rabi! Sapa sing gelem karo aku!”

“Ya, miliha dhewe kana, sapa?”

“Pa ya ana, Yung. Nyambut gawe ora. Biyung ya mlarat ngono!”

“Ya golek bojo sing sugih no!”

“Wong sugih iku jarene jodhone ya wong sugih.”

“Ya wis nasibmu, Tri. Kawit cilik nyat mung enek-enek wae. Arep mlungker wae, ya wis karepmu kono. Rep ngempeng terus biyungmu ya karepmu. Aku wis ora sabar ngurusi kowe. Bola-baline ya aky dhewe sing luput. E…, bapakmu dhek emben kok ya ninggal ta, Tri. Wong lanang ora tanggung jawab. Bojone rekasa, anake lara, kok ya mati. Apa nek wis ngono iku penak?”

“Apa, Yung?” takone Trimo.

“Eh, lambe … lambe! Lambeku dhewe iki lho, Tri. Iya …, iya…, iki maeng rak Ahad, ya? Ahad Pon, he?!”

“Iya Yung, jare arep ana sesorah carane coblosan. Mengko biyung durung bisa nyoblos.”

“Gene mudheng?”

“Ning, apa ora wis telad, Yung?”

“Ya ben. Sing penting entuk moto karo sabun. Ra sah aneh-aneh. Wong cilik wae arep ngapa.”

Rumangsa wayahe wis telat, Mbok Sutik age-age menyang kolah. Njur wat-wet kathokan dawa, nganggo baju kurung lan kudhungan telesan saka Bu RT. Nyaut sega sekepel, njur budhal.

Tekan apapn sing dituju pancen wsi telat tenan, dheweke mung mandheg ing kerun. Lawange Ketua RT-ne wis tutup. Mung ketok gambare kandhidhat kadhus cacahe telu gedhe-gedhe. Ngisore diwenehi tulisan werna-werna. Mbok Sutik mandengi gambar kuwi ora kedhepkedhep. Ujug-ujug wetenge mules. Njur mlayu bali.

Durung nganti tekan ngomah dumadakan gumebrug. Awake diroyong-royong wong pirang-pirang, digawa menyang ngeyupan. Ana sing golek lenga karo dhuwit kerokan. Dikeroki. Ana sing ngepeti nganggo capil. Ana sing mung nginguk sedhelet njur bali lunga. Ana sing nguyeg-uyeg dhengkule nganggo remason. Lan ana sing mijeti dlamakane.

Mbok Sutik mungkuk-mungkuk, ning njur bisa muntah.

242

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010