Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/257

Kaca iki wis divalidasi

“Kok ora biyen, bareng aku isih bayi? Sokur dicithes sisan, Yung!”

“Criwis!”

Tekan saweneh papan. Mbok Sutik nothok lawang. Lawang menga.

“Pak Dhokter, beloken wae bocah iki!”

Dhokter iku nggeret Trimo. Dilebokake kamar mburi sing madhep menyang kebon, lan lawang iku banjur digembok!

“Nek pengin pipis lan apa-apa, menceta bel iki ya!” kandhane dhokter iku.

Trimo ora wangsulan. Lemes, awake njur dibrukake ing dhipan. Ora kober nyawang kebon mburi sing remik-remik, sing ana manuke dara rebutan jagung. Mripate mung kethap-kethip. Lan ya wis ora bisa takon geneya kok ….

Jaya Baya, No. 03, Minggu III, September 2004

244

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010