Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/259

Kaca iki wis divalidasi

ora seneng melu organisasi, nanging merga organisasi karang taruna, wiwit dheweke durung lair nganti tumekane saiki, durung tau ana ing desane, kejaba mung ing laporane Pak Lurah marang ndhuwurane.

“Tugas iki nantang bakat kaliuwihanmu main sandiwara. Mula kowe mesthi bakal seneng nindakake. Kejaba saka iku, mengko yen kowe kasil, kowe bakal antuk pakurmatan dadi warga teladhan amarga wis melu ngangkat jenenge desa kene ing forum nasional, lan aku ora bakal nglalekake sakabehing lelabuhanmu,” janjine Pak Lurah.

“Kadospundi bab unit kerja lan usahanipun Karang Taruna, Pak?”

“Kuwi sepele. Kawrat desa mengko sing ngatur, methuki kabeh warga sing nduweni usaha. Banjur kanggo sawetara wektu papan usaha mau disilih desa, lan diwenehi plang kanthi tulisan Unit Usaha Karang Taruna Desa,” ujare Pak Lurah njelaske. “Tugasmu mung siji, ngapalake naskah skenario, sing isine ngenani sembarang kang kudu kok aturake ana ing ngarepe Pak Menteri, mengko wancine acara temu wicara!”

Tajud ngumbar eseme nalika ninggalake kantor desa. Atine marem, seneng nampa kesempatan lan rejeki sing tekane ora dinyana-nyana iku. Kamangka, sadurunge dheweke ora tau nampa wangsit , ora nate entuk sasmita, apa maneh ngati meruhi tumurune pulung.

Tajud babar pisan ora ngira, keprigelane main sandiwara sing disinau nalika sekolah biyen, saiki migunani, lan bisa ngangkat drajate. Ndadekake dheweke bisa kepilih dadi Ketua Karang Taruna, makili nomnoman sadesa, methuki lan bakale wawan rembug kelawan Pak Menteri.

Swara slendrone bocah kuwi keprungu alon, nembangake lelagon sing ora karuwan judhule ing sadawaning dalan mulih. Pikirane nglambrang, mbayangake prastawa gedhe sing bakal dilakoni. Sauntara iku, tengane ora leren-leren anggone ngusuk-usuk sak clana sing saiki kisenan dhuwit pawewehe Pak Lurah.

Gancaring crita, prastawa sing diantu-antu kuwi klakon teka. Skenario sing wis diapalake nganti nglothok, kelakon dimainake nalika adhep-adhepan karo Bapak Menteri. Mesthi wae dikantheni improvisasi ing kono-kene, kareben bloking, obahe awak, iramaning swara, uga ulate katon nyakinake, lan ora ketara digawe-gawe.

Nalika teka wancine temu wicara, kanthi swara mantep Tajud mbabarake sawenehing potensi, kaluwihan sing diduweni para mudha ing desane. Uga sawenehing cara kang wis ditindakake Karang Taruna kanggo menehi ajang para mudha. Kabeh iku ukara apus-apusan kaya sing ana jroning naskah skenario.

Tajud ora ngerti apik orane sandiwarane sing dimainake. Ora ngerti sampurna orane anggone mragakake tokoh Ketua Karang Taruna. Nanging dheweke rumangsa lega bareng krungu swara keplok sing mbata rubuh, saben dheweke nggedhegake ukarane. Apa maneh Bapak Menteri

246

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010