Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/262

Kaca iki wis divalidasi
SOINAH Soekowijono


Pawakane sedheng, ora gedhe ora dhuwur. Lemune lumrah wae. Dakkira yen maem biasa ora akeh ya ora sethithik. Soinah mono randha ayu tur isih enom, mula diarani dadi kembang desa. Sakrunguku akeh jaka sing ngayunake, pengin ngrengkuh diajak omah-omah. Apa sebabe kok ora ana sing ditampa, aku ora ngerti. Kesugihane sedheng-sedheng wae. Senajan ora moncer banget ya ora kalah karo tangga teparo sing sesomahan. Soinah iku nginang, yaiku mamah suruh, jambe, injet, utawa apu, lan susuran mbako. Lambene tansah abang mblenger. Untune ireng rintik-rintik. Sehat ora tau lara untu. Dadi untune utuh, yen mesem nambahi ayu lan pantese, mula akeh sing dhemen karo Soinah.

Soinah iku gaweane bebakulan ing pasar-pasar. Dina Pon kulakan menyang pasar kutha, dina Wage pasaran dodolan ana pasar sacedhake omahe ing Kecamatan Pule, dina Kliwon ing pasar Dongko. Dodolane Soinah sandhangan dadi, kathok, klambi, kebayak, sarung, lan sapiturute. Nalika jaman semana durung ana tetumpakan kaya dene sepedha montor apa maneh mobil. Yen menyang pasar isih kudu mlaku dalan setapak, dagangane diburuhake mikul utawa dimanolke. Soimah sing dadi bos nginthil ing mburine sing manol. Lelorone sedalan-dalan ngganyik omongomongan sakecandhake, dadi ora kasepen beda yen mlaku padha ijen.

Dina Kliwon pasaran menyang Dongko budhal jam 03.30 utawa jam 04.00. Tekan pasar jam 07.00. Pancen lakon saka Pule tekan Dongko watara telung jam iku lakune santai, yen rikat ya rong jam utawa rong jam setengah. Baline jam 12.00 tekan omah jam 15.00 utawa jam 15.30. Bisa molor utawa mungkret manut kahanan lan mulus orane lakune, bisa uga kewengen. Sing penting ora kesurupan utawa ora nganti nginep, senajan wengi kudu ditekakake ngomah.

Pengalamane Soinah cukup jembar. Ora akeh bedane karo wong lanang, kayata, main kertu, udhu dhadhu, kertu listrik, ceki, lan dhomino. Iku kabeh wis dadi pakulinane. Yen ana jagongan Soinah ora tau absen, iker saklasa sameja karo botoh main wong lanang-lanang senajan Soinah dhewe ora dadi botoh. Yen togel dheweke ora kenal awit nalika semana

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

249