Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/264

Kaca iki wis divalidasi

Soimah sing wis pengalaman nekek prekara kertu, sing gambar Landa dibukak alon-alon nganggo drijine sing abang kena dubang kanggo nengeri kertu Landa mau. Mung lamat-lamat nanging ana rupa abang ing kertu iku. Sing weruh lan ngerti ya mung Soinah dhewe. Anggone main doleh lumaku terus tanpa ana sujana si Bandar. Soinah udhu mbaka sithik dipenerake kertu sing ora nganggo tenger kanggo ngawoni si Bandar ben ora dicurigani olehe nengeri nganggo dubang mau.

“Mas, niki kula pun kalah kathah, paling mboten ben udhu kula mbalik, nggih kalaha sithik, napa nggih dibayari nek udhu kula pener?” takone Soinah.

“Lho, mesthi mawon, empun ta pinten angsale udhu nek pener mesthi kula bayari, apa maneh sing ayu, nek perlu ditambahi dienggo bonus,” pangecene bandar kuwi. Kanthi sareh Soinah mbukak kanthong, ngetokake dhuwit kanggo udhu maneh, cucuk karo dhuwit sing diadhep bandar. Tenger abang disetitekake tenan aja nganti kleru. Bareng wis mantep tenan banjur diudhoni saakeh-akehe.

“Pun, sampeyan bukak piyambak, nek samar kula apusi,” kandhane bandar, sajak kelegan ngira Soimah yen mesthi kalah, dhuwite entek. Soinah mbukak kertu alon-alon ora duwe rasa was-was babar pisan. Pranyata sing diudhoni pener, dadi dheweke menang. Bandar doleh slemengeren sedhela, banjur ninggalake papan kono karo grenengan. “Wah, jaian edan tenan! Mosok wong ayune kaya ngana lha kok tukang main sing nekek. Ora ngira babar pisan yen udhune pener. Anggitku mesthi kalah, lha wong aluse kaya ngana, kaya piyayi solah bawane lan tetembungane.”

Bandar doleh lunga semprung. Ubarampe mainan lan dhuwite ditinggal ora disrahake sing udhu. Malah sing menang banjur ngringkesi dhuwit lan ubarampe mau. Dhuwit dietung, pranyata luwih akeh katimbang dhuwite Soinah dhewe. Mula saperangan saka kaluwihane mau banjur didumake marang wong-wong sing padha kalah sadurunge Soinah tekan kono.

Wong-wong senenge ora karuwan merga ora sida kalah, kalahe dibalekake karo Soinah. Lan sanadyan akhire menang akeh, nanging Soinah ora sombong. Ora ngedir-ngedirake yen duwe dhuwit akeh.

“Matur nuwun Bu, matur nuwun Bu, kula mboten sida kalah, Ibu sing mbalekne. Sepisan malih, matur nuwun, Bu,” kandhane wong-wong mau.

“Nggih, padha-padha, liya dina nek enten Bandar doleh malih, ampun diudhoni, nggih. Tiyang niku ngoten pintere mboten ilok. Nek sampeyan mboten pinter-pinter tenan, dhuwit sampeyan lha mbok nggih sacikrak mesthi telas. Banjete lek ngomong lemes lan manis. Arang-arang tiyang sing mboten padha dadi kepencut. Mula sampeyan wau nggih bola-bali

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

251