Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/265

Kaca iki wis divalidasi

nggih mung tansah kalah-kalah mawon. Kalah sedaya, mboten enten sing bisa menang,” kandhane Soimah karo pamitan arep ninggalne papan kono mbarengi wengine saya cedhak, lan kahanan sakiwatengene kono wiwit dadi sangsaya saya peteng.

“Enggih empun, kula pun kapok saestu, Bu. Mpun mboten ajeng nomboki Bandar doleh niku malih. Sakniki kula sampun ngerti yen diapusi kalih tiyang nika wau. Liyane niku, kula nggih empun mboten ajeng mainmain malih. Kula pun pitados sakniki yen mainan napa kemawon niku mboten badhe kenging kangge ngingoni anak bojo. Napa malih kok bakal bisa ndadekake sugih,” kandhane wong-wong mau meh bebarengan.

“Lha nggih sokur nek ngaten, bumi kalih langit empun sami nekseni lho, nek sampeyan empun sami mboten ajeng sami main malih. Sing langkung sae pancen nggih ngoten niku. Mpun mboten sisah main mawon, boten usah udhu SDSB. Sampeyan sedaya kajenge uripe saget tentrem,” kandhane Soimah sadurunge ninggalake wong-wong mau.

Jaya Baya, No. 02, Minggu II, September 2004

252

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010