Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/267

Kaca iki wis divalidasi

Senajan wetenge lagi kroncongan, nanging bisa rada kasirep nalika dheweke mikir lan rumangsa yen kanthi glathi iku bengi iku dheweke bakal bisa entuk dhuwit. Iku tegese ora bakal mati kaliren. Mula mripate kang maune sumunar landhep, malih anyep. Ngrasakake kekuwatane kang kaya dilolosi alon-alon saka njero awake. Sing pungkasane banjur dadi lemes. Puyeng sirahe.

“Yen mbulan iku dadi wingka utawa permen utawa sega, mesthi dakpangan,” mengkono panggremenge.

Swara-swara bis, dirasakake sangsaya suwe sangsaya nglarakake kupinge. Kaya bledheg mangsa kasanga. Senajan bocah iku mbudi daya amrih bisa ngantuk kanggo ngilangake rasa luwe, ning mripate tetep mentheleng, wetenge tetep kroncongan.

Dumadakan ana swara sing nyedhak. Kanthi wewayangan sing dawa… cilik, banjur amba, ning malih cedhak lan ….

“Kok lungguhan dhewe Le?” pitakone Mbah Kakung. “Lagi apa kok sajak ana sing digoleki?”

“Okeh Mbah, sing arep dakgoleki,” wangsulane.

Mbah Kakung kuwi mesem. Jroning ati pengin ngrangkul bocah iku sing persis banget karo putune.

“Mbah Kakung saka nendi?” pitakone bocah iku nungkak karma.

“Nembe mulih saka Jakarta. Ngenteni anak lan putu, sing mau telpun arep methuk ing terminal kene. Ning nganti saiki kok durung ana ….”

“Dadi Mabh Kakung iki mung dhewe?!”

“Bener. Ning kowe katone ya mung dhewe ngono?”

“Pancen. Ning aku ki preman ing terminal kene.”

Mbah Kakung iku ngguyu. Krungu pangakuan sing lucu iku. Rasane kaya yen lagi ngrungokake kojahe putune sing paling nakal. Putu saka anak sing paling disayang. Sejatine angel anggone arep mbagi katresnan karo adil, merga jroning rasa mesthi ana sing paling disihi utawa palking digethingi.

Tanpa dinyana-nyana bocah iku ngadeg. Nyedhak. Banjur nyublesake glathi menyang arah wetenge Mbah Kakung iku.

“Apa-apanan iki! Lha kok nganggo glathi barang!”

“Ora usah kakeyan omong, Mbah! Yen pengin slamet, serahna dhuwitmu iku kabeh!”

“Sik ta Cah Bagus. Yen prekara dhuwit, ora perlu nganggo nyublesake glathi kaya ngene!”

“Bisa meneng pora!”

“O, yen mung meneng. Mbah Kakung bisa. Ning aja seru-seru anggonmu nyublesake glathi iki. Lara!”

“Ya ben!”

“Sik ta, putuku Cah Bagus. Satemene apa apa ta, kok kowe ki malih kaya ngene. Apa mau bubar nonton filem penodhongan?”

254

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010