Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/268

Kaca iki wis divalidasi

“Meneng!”

“Ya. Yen butuh dhuwit, kuwi dhompete jupuken dhewe ing kanthong mburi.”

“Ora bisa, Mbah sing njupuk lan ngulungake ing ngarepku kanthi alon. Ora kena macem-macem. Yen ora nurut bakal mbrodhol ususmu. Ayo!”

Mbah Kakung iku nurut. Dhompete didudut alon banjur diulungake kanthi alon. Lan disaut dening bocah iku. Satemene yen Mbah Tuwa iku kepengin uwal saka todhongane bocah iku, mesthi wis bisa. Mung sajake dheweke penasaran ya gene bocah cilik iki nganti nekad temen anggone nodhong? Apa dipeksa wong tuwane? Apa malah merga ditinggal wong tuwane banjur nekad? Apa lagi niru-niru filem sing bubar ditonton?

Nalika bocah cilik iku mbukak dhompet—sing isine dhuwit puluahn ewon lan eketan ewon—tetela mung ndudut selembar sing puluhan ewon. Dhompet banjur diulungake marang Mbah Tuwa iku maneh.

“Matur nuwun MBah,” mengkono pangucape bocah cilik iku.

Mak tratap atine Mbah Tuwa iku. Satemene iki ana prekara apa, dene kok bocah cilik kang sajake durung ngerti dosa iki nganti wani nodhong mung merga butuh dhuwit sepuluh ewu?

Mbah Kakung iku nglolos dhuwit eketan ewon saka njero dhompete, banjur diulungake bocah iku. Nanging ketoke bocah iku malah kaget lan mripate mentheleng.

“Aku ora butuh dhuwit akeh, Mbah!”

“Kanggo jajan sesuk nek din Idul Fitri.”

“Ora, aku ora butuh. Suk ae yen aku wis isa nyambut gawe ngewangi Simbah Kakung, aku gelem nampa dhuwit iku.”

“Yen ngono, ayo … melu aku.”

“Moh. Mundhak dilaporke Polisi!”

“Ora-ora. Mung dhuwit sepuluh ewu bae, mosok dilaporake karo Polisi!”

“Aku ora percaya. Emak sing nglairake aku wae, yen dhuwite takcolong, mangka mung sewu perak, ngancam are lapor Polisi kok, yen ora dakbalekake.”

“Aku ora arep lapor sapa-sapa....”

“Emoh. Pokoke aku emoh!”

“Yen emoh ya wis. Bapak karo ibumu wiwit mau ora ketok-ketok kuwi padha menyang ngendi?”

“Minggat!”

“Minggat?”

“Iya. Sak bubare tukaran, njur luga embuh menyang endi. Neng omahku saiki ora tau ana sega, ora tau ana beras, ora tau ana dhuwit. Anane mung kari glathi iki. Banjur tak gawa kanggo golek dhuwit.”

“Yen ngono .... Apa aku entuk menyang omahmu?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

255