Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/271

Kaca iki wis divalidasi

Kancaku kuwi sarjana pendidikan lan iya wis diangkat dadi guru sawetara taun. Wiwit mahasiswa dheweke kuwi aktif nulis ing majalah lan surat kabar. Nganti diangkat dadi guru, aktivitase nulis ora mandheg. Ora aneh yen dheweke wis duwe omah, duwe kendharaan rodha papat, duwe computer. Sing durung duwe mung … bojo.

Winardi klebu jaka tuwa. Nanging jiwa lan semangate mudha. Kejaba ana sekolahan lan forum-forum resmi, dheweke ora gelem daksebut nganggo embel-embel Pak.

Geneya durung duwe bojo? Apa akeh cacade? Apa disirik wanita? Apa pancen ora ‘normal’ kadidene wong lanang? Apa seneng ‘mardika’ kaya umume seniman? Dudu, dudu bab kuwi prekarane. Dheweke wong lanang normal lan iya ora ngagung-agungake kamardikan sing sipate mutlak utawa ekstrem. Uga ora merga disirik wanita jalaran akeh kekurangane.

Idealisme lan gegambaran wanita ideal. Kuwi sing dadi sebab. Dheweke kepengin duwe bojo seniman. Nanging dudu penari, pesindhen, utawa penyanyi campursari. Aku ora takon lan dheweke iya ora kandha geneya emoh duwe bojo wanita kanthi profesi ngono kuwi. Sing diangenangen wanita pengarang, jalaran dianggep nduweni inner beauty. Kuwi wae isih ana tambahane, rambute brintik.

“Pengarang kuwi biasane seneng maca lan sinau,” kandhane Winardi embuh dhek kapan kae. “Wong seneng sinau kuwi sebab ngrumangsani nek dheweke kuwi bodho. Ngrumangsani bodho kuwi sejatine pinter. Yen diajak rembugan kuwi gampang nyaut. Ora thonga-thongo.”

“Lha yen rambut brintik?”

“Rambut brintik kuwi ayune alamiyah. Manise natural.”

Saben nekani seminar basa Jawa utawa sarasehan basa lan sastra Jawa, Winardi mesthi ngajak aku. Aku ya seneng wae diajak lelungan, wong ongkos bis nganti tukon rokok sing nyukupi dheweke. Dadi pengawal ya ora apa-apa, angger bisa kepethuk wong akeh. Bisa kenal pengarang kondhang.

Kepethuk sing kaping pindho ana Taman Budaya Surakarta, mbeneri Kongres Sastra Jawa. Aku ngrumangsani dudu pengarang, dudu wong kondhang, mula ya ora wani neka-neka. Seje karo Winardi. Wong siji iki seneng nggojlogi kanca-kanca pengarang. Ora mung pengarang priya wae sing digojlogi. Selagine marang Sekar Arum, dheweke iya mental nggarap.

Sesi persidhangan Kongres Sastra Jawa mapan ana Teater Arena. Sadurunge sidhang pleno kanthi pembicara Arswendo Atmowiloto kawiwitan, akeh peserta sing padha ngayur ana ngerp lawang. Klebu Winardi. Daklirik dheweke tansah nyawang Sekar Arum karo sawetara kanca wanita, Winardi age-age olehe ngaruh-aruhi.

“Hallo, Mbak Krit ….”

Ora rumangsa disapa, Sekar Arum terus wae anggone mlaku. Kancakanca padha ndomblong, ora mudheng karepe Winardi.

258

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010