Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/273

Kaca iki wis divalidasi

“Nek ngono ya apik wae nek kok lamar. Waton kowe seneng tenan. Ora mung arep kok nggo dolanan. Kowe dhewe ya perlu enggal rabi ben ora diarani neka-neka. Guru kok mbujang terus ….”

Winardi ora guyon. Sekar Arum sida dilamar tenan. Wanci sore, dheweke budhal menyang Kepanjen nggawa mobil. Dheweke ya pamit aku. Ambune wangi. Sandhangane anyar. Necis. Nalika aku kandha kepengin ngeterke, dheweke nolak. Aku getun kadhung soroh tenaga. Aku kok ya goblog! Yen penglamare ditampa, Winardi rak terus nginep kana (kira-kira lho!). Becike dienteni wae. Ora wurung dheweke rak ya crita menyang aku. Ora-a ngetutke nyang Kepanjen, kepriye wusanane aku mengko rak mesthi weruh.

Kira-kira jam sepuluh bengi, nalika aku lagi arep mapan turu, ing lawang ngarep keprungu swra dhodhog-dhodhog. Banjur kasusul swarane wong undang-undang jenengku. Age-age lawang takbukak. Wis genah Winardi sing mara.

“Waaah, apes! Apes mblebes, Har!” celathune karo lungguh.

Lampu ruwang tamu dakurubake. Daksawang praupane Winardi katon peteng. Luwih peteng tinimbang langit bengi iku. Awake lemes kaya wayang ilang gapite.

“Apes kepriye, Win? KOwe kalah dhisik?”

“Ora.”

“Terus kepriye?”

“Dheweke gelem. Saguh takpek bojo. Ning aku kon sabar ….”

“Maksude?”

“Kon ngenteni yen anake wis omah-omah.”

“Kowe rumangsa kabotan?”

“Ora prekara kabotan. Aku rak kadhung tuwek?”

“Nalare kepriye? Aku kok bingung.”

“Sekar anake mung siji. Lanang. Saiki lagi umur pitung taun!”

“Ha?” aku kaget. Nanging mung sedhela. Aku ngguyu ngakak. “Nek ngono …, padha karo ditolak, Si Kriting …, eh Sekar Arum emoh kok pek bojo!”

Jaya Baya, No. 23, Minggu I, Februari 2005

260

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010