Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/278

Kaca iki wis divalidasi

“Mbak iki boneka kanggo Anggi lan Angge. Aku entuk saka menang lomba dongeng,” kandhaku karo ngulungake boneka loro.

“Adhuh Yang …, awakmu kok repot-repot,” kandhane Mbak Ayu karo nggendhong Angge.

Tlima kasih, Tante …,” suwara beninge Angge, bocah umur rong taun sing mripate bening iku gawe atiku keranta-ranta. Takruket kenceng ing dhadhaku. Muga-muga Mbak Ayu ora ngerti yen atiku banjir luh.

Malang wanci wengi. Alun-alun kota Malang isih nawakake angsle ing sandhuwuring trotoar. Nanging angete wedang khas Malang iku wis ora bisa nawa kekesing ati. Remuk rasaku nalika nemoni praupan sing dadi watu.

“Ngapa awakmu teka neng omahku, Yang? Awakmu wis nglanggar komitmen. Awakmu wis njongkrongke harga dhiriku neng ngarepe Ayu. Tegane awakmu!”

“Mas, sampeyan kudu ngakoni yen aku bener. Mbak Ayu gak bakal lila yen dimaru. Mas, aku gak tega ngrebut sampeyan saka keluwargamu …. Aku sadhar Mas …, yen aku pancen sayang sampeyan. Sayang sing beda, sing ora kaya jamane aku kagum karo tulisan-tulisan sampeyan. Luwih saka iku …,” serak swaraku kaya-kaya eri sing metu saka gurung. Mripat sing wingi edhum, saiki mingis-mingis kaya pedhang. Panyawange nggarit tatu ing jeroning ati, perih ….

Lampu-lampu nembus kabut. Alon-alon kreta Gajayana jurusan Malang—Jakarta ninggalake Stasiun Kota Baru. Tak ringkesi kenangan lan ati sing morak-marik. Muga-muga ambles digiles rodha wesi sadawaning rel Malang—Jakarta. Kanggo sing sepisanan iki aku bisa kangen Jakarta! Kutha sing blas babar pisan ora tau takkangeni sadurunge.

Jaya Baya, No. 22, Minggu V, Januari 2005

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

265