Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/281

Kaca iki wis divalidasi

“Kuwi rak nuturi penonton umume, ta? Dhalang kuwi pancen kudu ajak-ajak urip dadi bebrayan apik, rak ya biasa ….”

“Penontone kuwi awake dhewe, tegese ya nyemoni awake dhewe, ta Bar? Kowe aja goblog! Apa kowe oleh dhuwit akeh tinimbang kancakanca?” Komar Jlitheng isih durung trima.

“Ya, ora!” atine Barno Engkol wiwit kebrongot. “Njur karepmu priye?”

Malem taun anyar iki kalodhangan sing diantu-antu. Barno sakanca bakal ngebyuk pentase Jantur. Bala-balane wis saiyeg sarujuk. Embuh mengko apa sing ditindakake kanggo mapag taun anyar iki, pokoke seneng-seneng sing ngluwihi senenge nalika pista bubar nampa dhuwit saka Jantur. Taun anyar bakal dipahargya kanthi luwih seneng tinimbang taun-taun kepungkur. Pangangene Barno Engkol nalika lungguh ing teras omahe awit taun anyar wis cedhak banget. Dheweke njenggirat, nalika keprunu klakson saka kijang ijo lumut sing mandheg ana dalan ngarep platarane.

Sing metu saka mobil kuwi Jantur. Mung kaosan biru enom mawa gambar gunungan. Rambute rapi lan lakune wis seje karo nalika Barno Engkol kepethuk sepisanan, nalika njaluk tulung kae. Lakune saiki luwih mriyayeni. Eseme uga sansaya larang.

“Ana omah wae, Bar?” pitakone sawise diajak mlebu ing ruwang tamu.

“Lha arep nyang ngendi ta, Tur, pagaweyanku ya mung ngene iki.”

“Anu Bar, aku arep kandha yen suk malam taun baru iki ana gebyaran ing ngarep kecamatan. Iku tegese olehku ndhalang mung gratisan. Pesindhen, pengrawite ya mung njupuk wong-wong saka ndesa kene. Paling karo wong kecamatan mung disediyani mangan lan ngombe. Mula, aku ora isa menehi insentif kaya biasane.”

“Mosok taun baru malah ora ana pestane?”

“Aku nyuwun ngapura tenan, aku ora entuk dhana babar pisan lho, Bar.”

“Lek ngono aku arep gawe pesta dhewe,” tembunge Barno Engkol, nggeget untune, getem-getem merga wis ora entuk subsidi saka Jantur.

“Kuwi luwih becik.”

“Kowe ora getun?”

“Apa sing takgetuni, pancen ora ana dhanane. Ya sesuk yen ana tanggapan bubar kuwi wae awake dhewe bali kerja sama kaya sadurunge.”

“Ya wis yen ngono!” atine Barno Engkol krasa sansaya kobong. Tegese tembunge kanca-kancane ana benere yen dheweke bakal disishake.

Sedina sadurunge taun anyar, Barno Engkol wis nyepakake piranti sing kanggo nyuporteri Dhalang Jantur Jangkar Bumi. Botol-botol diisi lenga tanah, banjur diwenehi sumbu. Botol-botol kuwi rencanane bakal diuncalake saka kadohan. Botole pecah, lengane kutah, genine bakal

268

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010