Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/282

Kaca iki wis divalidasi

mrantak kobar ngobong wayang, kelir, kothak, lan sakabehing gamelan sing dadi pawitane Jantur dadi dhalang.

Sorene Barno Engkol sengaja ngyakinake atine, apa sida Dhalang Jantur arep pentas ana plataran kecamatan. Kanthi nyetir sepedha montor, dheweke mbonceng Sutris kanca sing sregep saba omahe. Barno Engkol lega, bareng ing plataran kecamatan sing wis dipasang tarup seng. Kelire wis dibeber, wayange lagi ditancepake ing debog kanggo ngrenggani kelir. Uga ana pawongan sing nata rancakan gamelan.

“Titenana engko bengi!” tembunge Barno Engkol kaya marang dhalang Jantur.

“Ning kanca-kanca ngajak rame-rame dhisik menyak kutha, lho Bar,” kandhane Sutris sing krungu tembunge Barno Engkol.

“Iya, aku ngerti. Wis dirancang, yen engko bengi ing kutha padha pista kembang api. Awake dhewe uga bakal pista api unggun. Ngobong bandhane Jantur kae! Tegese wiwit taun anyar, Jantur bakal bali dadi wong mlarat tur sekarat!” pangigit-igite Barno Engkol banjur nyendhal gas sepedha montore gawe swara nggember mbrebegi kuping.

Sutris kaget, meh wae nggeblag. Sujune enggal gandholan awake Barno. Sepedha montor mlesat kagawa emosi sing notol ati.

Malem taun anyar akeh banget hiburan sing dipentasake. Ing alunalun sing dikebaki wong kuwi padha pentas ndhangndhut. Ing dalandalan tansah keprungu swarane sepedha montor sing nggember-nggember merga tanpa knalpot, Barno Engkol sabalane klebu ewone nom-noman sing rame-rame mahargya tekane taun anyar iki.

Eman, atine Barno Engkol ora jenjem. Bola-bali ngungak jam tangan. Mengko pas jam rolas kudu wis duwe pesta dhewe. Bareng wis dietung yen bali menyang plataran kecamatan pas jam rolas, Barno Engkol ngajak balane mulih.

Sadurunge budhal menyang kecamatan, Barno Engkol sabalane mampir menyang omahe. Saka omahe Barno Engkol kaprungu swarane gamelan gemonthang banget.

“Nitik ramene kae, mesthi lagi perang kembang,” kandhane Barno Engkol marang kancane, “Ayo padha njupuk botol siji-sisji disumet pisan!” prentahe.

Balane Barno Engkol njupuk botol siji-siji, banjur disulet pating krelip. Kanthi Barno sing ana ngarep dhewe, sepedha montor-sepedha montor sing nggawa obor kuwi mlaku jejer- siji-siji. Wong-wong sing tengah wengi kuwi ana pinggir dalan padha eram. Ora adate Barno Engkol gawe pangera-eram sing gawe senenge wong-wong sakiwa tengene kaya ngono kuwi.

Swara gamelan sansaya seru, awit plataran kecamatan sansaya cedhak. Pangigit-igite Barno Engkol sabalane sansaya menthit. Nanging

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

269