Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/284

Kaca iki wis divalidasi
TEMBANG KATRESNAN KANG

DURUNG RAMPUNG

Maryono


Isih digegem kenceng surat sing ditampa wingi awan, najan wis klomoh dening luh lan tangis, lan wis lencu diremet-remet, nanging kaya ora percaya atine karo surasane. Mula masiya wis bola-bali diwaca panggah ora leren-leren anggone maca.

“Mi, baliya sedhela, bojomu kepencut wong pabrikan maneh!” ngono surasane surat saka Kang Parto kakange mbarep, wong kang paling bisa dipercaya sasuwene lunga menyang negarane Mahathir Muhammad bara dadi babu , kang saiki moncere pramuwisma. Nanging kanggone Sumi masiya istilahe diganti ping suwidak jaran, sing jenenge babu kuwi ya panggah babu, buruh, jongos …, gedibal nomer pitulikur sing nampa opah saka nggone ngladeni juragane. Yen mung ngladeni dhahar, umbah-umbah, ngepel, apadene nguras jedhing wae iku wis lumrah, nanging kadhangkadhang ing Negara sing jarene njaga adat ketimuran iki ana juragan sing njaluk diladeni ing tempat tidur. Lek wis ngono iku ya gawat, paribasan sendhen gegere macan, arep ngalih ora wani nanging yen ora ngalih dadi dhaharane mbahe. Tujune sasuwene iki juragane sing dingengeri ora tau mrentah sing aneh-aneh, kepara Sumi digemateni karo majikane.

Giman, bojone jaka lara ora pati dipercaya maneh dening Sumi jalaran nalika rong taun kepungkur dheweke adu nasib ing Hongkong, dhuwit sing dikirim, sing kudune dinggo ndandani omah dientekake tanpa tilas kaya jlantah gorengan balur didilati kucing, ora dinggo mangan, ora dinggo nukokake klambi anake, nanging dienggo ndhekemi Sulastri, randha anyaran kidul buk penceng, saengga nalika dheweke teka mung bisa nangis ngguguk ngrasakake bojone. Simboke kang ngopeni Widhi tansah nutupi salahe ora merga tresnane karo mantune, nanging ngeman rumah tanggane anake kareben ora bubrah. Ajoa eman-eman karo Widhi anake sing meh ngancik SD sing mbutuhake katresnane bapake, Sumi wis njaluk pegat nalika semana. Atine remuk kaya padhas kidul omahe kang dibuldhoser ngalor-ngidul arep digawe villa. Runtik, serik, mangkel, rumangsa ora diwongke karo Giman, bojone dhewe.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

271