Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/285

Kaca iki wis divalidasi

“Aku ora arep mulih Kang, atiku bakal luwih krasa lara yen weruh rupane Giman, mbuh piye reka dayamu aku golekna layang prembayun,” ngono surasane surat balesane Sumi menyang kakange.

Dina-dina candhake Sumi wis wegah mikir Giman bojone maneh, dipikira nganti buthak Giman kirane wis ora bisa digawe becik maneh. Tiwas awak kuru dhewe, mula mumpung isih padha enome mesisan pegatan golek wong lanang liya. Mbiyen piye, saiki piye, lek wis ra mathuk apa mesthine, ngono grenenge saben-saben kelingan bojone.

Sumi mesem dhewekan, senthong ati kang suwung ditinggal Giman bakal ana kang ngenggoni. Taman kang bera kebak suket lan rerayutan bakal gumanti taman kang asri rinengga kembang mawar, kembang mlathi, lan kembang manca warna kaya taman Sriwedari kang ana ing crita pewayangan, dudu taman Sriwedari kutha Sala kang wis koncatan pamore lan ditinggal pandhemene. Widhi kang butuh katresnan bapak, bakal klakon digendhong, dibopong bapak anyar. Omah gedheg bakal dibangun modhel spanyolan bareng karo bojo anyar lan direngga tangis bayi adhine Widhi. Sumi, kang saupama wit anggur kelangan rambatan, bakal bali bisa lelendhotan rambatan kang kukuh pengkuh. Mbokne, sing saiki kepengin ndelok tivi gedhe selikur inci, modhel layar dhatar, kaya sing kerep diiklanake ing tivi kuwi, banjur yen sore wong saomah padha ndeleng tivi ing ruwang tengah karo ngadhep gedhang goreng apa tela goreng. Ah …, angen-angene Sumi nggladrah blusukan tekan ngendiendi. Angen-angen kang prasaja, nanging endah, angen-angene Sumi wong ndesa kang mung sadrema dadi babu, angen-angene wong wadon sing lagi kebandhul asmara kesandhung tresna.

Sejatine yen digagas ya rada aneh, wong wis ana rong taun ora ketemu karo pawongane wae ora, mung karana dheweke dijaluki tulung kakange ngrekadaya nggolekake laying prembayun, kang wusanane Sumi kerep nampa telpun saka Sabar, kancane sekolah SD biyen, kang wusananenjalari atine Sumi poyang-payingan. Sabar, sing ndhisik seneng nggolekake kersen, Sabar kang ndhisik seneng ngajak luru bendha ana pinggir sumber, Sabar kang biyene tau diseneni bapake Sumi, jalaran ngajak Sumi nyolong jagung ana sawahe Duk Kamid sing jare ngingu thuyul, Sabar sing saiki dadi dhudha jalaan rangkat karo tukang mendring, Sabar sing saiki dingerteni Sumi dadi blantik montor, Sabar kang sejatine dudu pawongan anyar tumrap lelakon cilikane Sumi.

Handphone kang ngerik enggal wae disaut, mbokmanawa saka

pawongan kang dadi kudangane ati, calon bapake Widhi. Jebule mung SMS saka Tutik, kanca nunggal PT nalika ana penampungan ing Surabaya. Biasa, padha-padha TKI, paling-paling nyilih dhuwit kanggo ngirimi bapake sing jare lara asma lan kudu dirawat ana ing kamar sakit, ngragati anake sing arep mlebu SMA, utawa kanggo tuku lemah sawah kanggo

272

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010