Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/287

Kaca iki wis divalidasi

riwis-riwis, paling penak ngadhep bedhiyang karo mbakar tela ana kandhang. Sawuse nuduhake surat-surat ana loket, Sumi antri ngenteni tekane koper ijone. Kang antri ana pemeriksaan. Calo taksi pating cruwetpadha nawakake dagangane dhewe-dhewe. Nanging ora ana sing dipaelu dening Sumi, jalaran Sabar bakal nyarter Elsapek kanggo mapag dheweke.Ngelingi sing mapag Sabar atine Sumi tambah kumesar kaya biyung kang ninggal bayine, kumedhap kaya prajurit kang ditimbali komandhane, ndhredheg kaya prawan sunthi kang bakal ketemu kudangane ati.

Metu saka plawangan penumpang manca, Sumi clingukan sedhela. Nanging bareng krungu swarane ceceluk Sumi, banjur nggoleke asale swara. Ing kana Sabar wis ngenteni. Lan kaya orong-orong kepidak, Sumi kang biasane akeh guneme dina iku kentekan tembung saengga mung bisa ho-ah-ho-oh nalika Sabar nampani gawane kang banjur diulungake sopire. Lan kaya bocah TK, Sumi mung manut nalika tangane Sabar kang kukuh nggandheng ngajak mlebu mobile. Metu saka Juanda mobil kang ditumpangi Sumi prasasat ora mlaku, maklum dina Minggu dadi akeh kang padha kepengin plesir utawa mung mubeng-mubeng kutha golek padhange hawa. Beda karo angen-angene sing ana njero mobil kang uber-uberan antarane ngesok katresnan karorasa sungkan. Mung wae Sumi kang maune kaya wong bisu, saiki wiwit crita ngalor-ngidul, Sabar sing maune sabar saiki wiwit rumangsa gemes saengga sepisan pindho tangane wiwit nyiweli janggute Sumi sing jare kaya tawon gumantung. Sumi kang mung prengat-prengut yen dijiwel janggute saiki malah sendhen ana dhadhane Sabar.

Tekan Tulungagung, Sumi ora takon nalika mobil sing ditumpaki ora bablas ngulon, ngener Sendang, desane, nanging pilih bablas ngidul nurut dalan ireng sing ngajak menyang Popoh. Sumi uga ora takon nalika mobil sing ditumpaki mlebu regol hotel. Lan Sumi uga ora takon nalika ana ngarep hotel, Sabar klesak-klesik karo sopire kang sabanjure mobil sing ditumpaki iku mbalik ninggalake Sumi kang nggegem kenceng tangane Sabar. Sabanjure wong loro runtung-runtung mlebu hotel kaya turis anyaran.

Sumi kang wis sawetara suwe mendhem pangigit-igit karo Giman, dina iku kaya diesokake. Tangan pengkuh kuwi isih digandheng kenceng nalika ngliwati taman kang tumuju kamar kang dipesen. Siji-loro karyawan hotel pating jegigis, ngulati tingkahe Sumi lan Sabar, nganti Sumi ilang ana waliking lawang kamar.

Embuh ora genah apa iki dayaning Sang Hyang Jagad Pratingkah, apa pangrimuke setan kang salah, utawa apa pancen manungsane kang kurang waras, Sumi lan Sabar wis nilar ujar, manut nepsu sangarepe entut. Kamar hotel mung dadi seksi nalika Sumi, wit anggur kang lagi entuk rambatan iku ngruket rambatane, kaya cacing kang kepanasen, lan Sabar

274

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010