Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/289

Kaca iki wis divalidasi
DHADHAG Ismoe Rianto

Janur ora bisa kumecap. Karo maneh ora ngerti apa sing kudu diucapake. Mula ya mung terus gedheg-gedheg karo ndhingkluk. Nyangga bathuk ing tangan kiwa, nutup mripat lan nggeget lambe.

Nalika Manggar gawe konsep seminggu kepungkur, Janur melu maca lan cetha yen jenenge tinemu ana ing urutan nomer rolas. Ning, sawise dipriksa Kepala Kantor, jeneng kuwi ditutupi spedhol ireng njanges, mertandhani yen Pak Kepala wis ora keduga karo jeneng kuwi. Iku uga ateges yen Janur ora bakal melu nampoa rejeki, dum-duman bebathen tutup buku taunan, kaya taun-taun sadurunge.

“Yen statuse ora cetha ya repot. Apa presidhen dhirektur apa general manager!”

Janur njenggirat. Bali kamirungonen apa sing diucapake Pak Kepala sing nyemoni lan ngabangake kuping iku. Apa maneh olehe ngucapake karo semu mencep. Janur nglenggana yen dheweke kuwi mung golongan sendhal jepit utawa bala dhupakan, wong cilik sing lungguhe mung dhingklik.

Wis limalas taun anggone mergawe ing Biro Iklan Usaha Mandiri kuwi. Abot enthenge ayahan wis melu nyangga. Pait-legine usaha wis melu ngrasakake. Kepala Kantore wis ganti kaping nenem. Lan lagi saiki statuse Janur diongkreh-ongkreh. Kamangka wong-wong mesthine isih padha kelingan yen biro iklan iki tau meh jugrug. Wong-wong njero padha balapan ngeruk rejeki sarana balapan golek ordher lan panjer. Nanging dhuwit panjer digaglag dhewe. Ordher dijarake medhag. Pabrik-pabrik, perusahaan-perusahaan, apadene kantor instansi rumangsa dibogog. Wusana mundur siji mbaka siji. Ora nuntut kerugian wae kalebu wis begja.

Sekar, Kepala Bidang Urusan Usaha lan Urusan Kepala Kepegawaian, kelingan marang Janur. Minangka kanca kenthel, Janur kerep disambati nggarap orderan. Janur pancen gamben yen bab milih lan nata basa. Presaja ning mencutake. Ora obral ukara njelehi sing ndakik-ndakik kebak

janji lan iming-iming. Saliyane kuwi gambarane apik, katon urip.

276

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010