Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/290

Kaca iki wis divalidasi

Janur sekawit mung karyawan pocokan, sawise dirimuk gelem dadi pegawe biro iklan iku. Pabrik, perusahaan, apadene instansi sing wis mbayar panjer ordher digarap mbaka siji. Ing dina-dina candhake akeh dhirektur perusahaan, kepala instansi, mandhor pabrik padha njomblak nalika krungu radhio nggiyarake iklan sing magepokan karo kantor, instansi, lan perusahaan papane nyambut gawe. Pating plongo nyumurupi spandhuk lan baliho ing pojok-pojok kutha. Pating pencereng njingglengi iklan ing surat kabar. Tanpa ditagih njangkepi kekurangane mbayar ordher. Biro iklan iku terus bali moncer, ordhere bali ndlidir.

Ewasemana jenenge Janur malah durung dicathet ing buku administrasi kepegawaian. Genahe isih kalebu karyawan lepas, ora duwe ancerancer bayar sing gumathok. Mung ngejibake akeh-sethithike garapan ordher lan prosentase saka anggone golek ordher. Untunge iki wis nyukupi, apa maneh pendhak tutup taun keduman bebathen. Mung wae gandheng jenenge durung klebu ing buku gedhe, kalungguhane dadi ringkih.

“Menawi damel repot lan ngregeti, nggih dicorek mawon!” Janur sumlonong mangsuli tanpa dipikir dawa. Merga kegawa saka atine sing kebranang, rumangsa diece lan disepelekake.

Kepala kantore mendelik kaget. Dadi kepala setaun, durung tau mrangguli wangsulan sing miturut ukurane murang tata. Sing kerep dirungu padha nyadhong duka senajan ora luput. Nuwun inggih sendika dalem. Saka pangirane, Janur mesthi bakal ngajak bojone mundhukmundhuk sowan menyang omah, nyangking oleh-oleh. Ngrerepa njaluk kawelasan sawise disrengeni. Ning nyatane Janur kok seje….

Wulan candhake Janur ora nampa bantuan transportasi maneh. Yen ana ordher dipasrahake wong liya sing dudu pegawe biro iklan kono dhewe. Sajake Pak Kepala kuwi wis duwe wong dhewe sing luwih dipercaya. Janur ora dililane golek ordher. Yen mbeneri ana rapat ditilapake. Kanthi mengkono panemu lan gagasan-gagasane ora bisa diwedharake. Dhuwit kang ditampa saben wulane dadi anjlog. Nadyan ngono Janur ora gelem dadi kutu loncat. Ora seneng ngolah-ngalih nggon gaweyan. Ati lan pikirane disabar-sabarake, sapa ngerti sesuk apa mbesuk bakal ana oeah-owahan. Nanging pangarep-arep iku tanpa guna. Janur saya kepepet lan saya kepencil.

Janur banjur nyoba metani awake dhewe. Nyoba nggrayangi kaluputane. Saka rumangsane kaya ora tau gawe kaluputan marang kanca. Ora tau gawe kapitunane sapa wae. Janur wis ngerti sapa kancane singseneng wadul kuwi. Golek rai, pamrihe bisa ketengen.

Nanging kira-kira wae, nesune Kepala Kantor kuwi wis nyundhul mbun-mbunan tenan. Rumangsa dicecamah jeneng lan kalungguhane.

“Yen pancen kaya ngono, nggih mangga mawon!” tekad batine. Janur wegah ndedawa pikir. Banjur jumangkah marani Manggar sing arep mateni komputer.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

277