Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/294

Kaca iki wis divalidasi

“Saking Pacitan, Pak. Ngawontenaken penelitian kangge skripsi.”

“Lho, ngantos samenika dereng lulus ta?”

“Dereng, Pak. Pancen repot. Kuliah luluse, menawi sampun lulus badhe pados pedamelan ugi angel. Ngantos jibeg kula ngraoske.”

“Nggih, dilampahi mawon. Mbenjang rak pikantuk margi piyambak menawi sampun wancinipun nyambut damel…”

Sinambi terus pirembagan karo Pak Brojo, Ndaru ngrasakake anane owah-owahan ing omah kuwi. Biyen isen-isene sarwa tumata lan kerumat. Nanging saiki pating slengkrah ora pati diurus. Taplak meja wae nganti ora ana. Jogan uga katon yen arang disaponi. Apa maneh awake Pak Brojo kuru banget nganti kaya wong lara. Ana owah-owahan apa ing omah iki? Pitakon iku isih kasimpen primpen ing jroning atine Ndaru. Sing luwih gawe gumune Ndaru, menyang ngendi Bu Tanti kok ora nemoni dheweke? Kamangka nalika dheweke manggon kono, Bu Tanti gemati banget marang dheweke. Saben esuk mesthi nyepaki wedang kopi. Saben bengi uga nyawisi nyamikan, ora ketang mung pohung goreng. Bu Tanti uga ngrengkuh Ndaru kaya anake dhewe. Nanging iki mau kena apa kok durung ketok? Kamangka wis meh sak jam Ndaru anggone mertamu.

“Ibu tindak dhateng pundi, Pak, kok ketingal sepen?” Ndaru nyoba takon.

“Duka Mas, kala wau criyose badhe nyambangi ponakanipun, ning ngantos dangu kok dereng mantuk,” sambunge Pak Brojo semu nyingitake prekara.

Weruh Pak Brojo sajak kurang rena disuwuni priksa prekara Bu Tanti, Ndaru njur ngalihake kawigaten, ngajak rembugan prekara liya. Biyen nalika KKN ing dhaerah kono, Ndaru nate cedhak karo sawijining prawan kembange desa kono. Jenenge Narti. Senajan lagi lulus SMA, nanging Narti wis katon dewasa. Wawasane jembar, ora kaya ABG maneh. Mula, Ndaru kepengin sesambungan serius karo dheweke. Nanging kabeh kekarepan mau gelem ora gelem kudu mandheg satengahing dalan, awit wong tuwane Narti ora setuju.

Tenane, sekawit Pak Wandi, wong tuwane Narti rumangsa seneng yen anake wadon ana sing arep nglamar. Nanging bareng ditlesih, jebul Ndaru iku anak mbarep utawa anak nomer siji. Sedheng Narti anak nomer telu. Manut petungan Jawa, ngono kuwi jenenge lusan besan, ora apik yen dibacutake. Kanthi alesan kuwi Pak Wandi kanthi alus ora nyetujoni sesambungane Narti karo Ndaru.

“Narti sakniki napa sampun emah-emah, Pak?” pitakone Ndaru sajak isin.

“Sampun, Mas. Angsal lare mriki mawon,” sambunge Pak Brojo kanthi blaka.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

281