Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/302

Kaca iki wis divalidasi
SADRANANKU TAUN IKI Suryadi W.S.

Nalika pengetan dina kamardikan kae aku oleh remisi sesasi. Kanthi mengkono ukuman sing telung taun iki kari kurang sesasi meneh. Nanging sesasi kang pungkasan iku dakrasakake kaya luwih suwe tinimbang rong taun sangang sasi sing wis daklakoni. Sesasi pungkasan, sing prasasat lambah-lambah karoban eluh sing tansah dleweran mili saka pardoning mripatku.

Yatalah temen awakku iki, ngono sambating atiku rina-wengi. Ingatase bapakku guru agama, dina-dina paring piwulang luhur marang murid-murid apa dene warga masyarakat, jebul aku malah kecemplung ing tindak maksiyat sing dibendu wong sajagad, melu-melu ngincipi narotika. Kecekel polisi. Akibate, telung taun aku kudu ndhekem ing pakunjaran. Mesthi wae kuliaku pothol. Dina tembeku peteng.

Aku bisa maklum ing sajroning telung taun ana pakunjaran mung ping pindho ditiliki bapak lan ibu. Kepara aku matur nuwun banget dene bapak lan ibu isih kersa ngaku anak marang aku. Olehe tilik mesthi ngadhepake sadranan, banjur ngelingake supaya ing pakunjaran aku tetep nindakake pasa Ramadhan lan solat taraweh, sarta ngakeh ngakehake istighfar, nyuwun ngapura sakehing dosa.

Ngadhepake sadranan taun iki aku wis dibebasake. Bungahku tumpuk undhung. Dene bisa bali urip ana ing njaban pakunjaran, bisa sadranan, ziarah ing makam leluhur lan bakal ketemu lan kumpul maneh karo sanak sedulur.

Lan sing luwih wigati dene aku wis bisa bebas saka kecadhuan narkotika. Nalika aku metu saka gapura pakunjaran, sing dhisik dhewe dak ucapke: Aku sumpah dhemi Allah, arep melu mbrantas narkotika. Sikilku entheng jumangkah napaki dalan. Ngawe ojek dakkon ngeterake nyang terminal bis. Banjur numpak bis jurusan Klaten. Mudhun terminal. Melu bis pedhesaan sing liwat desaku, Trucuk. Akhire makcles kaya siniram banyu wayu rasane atiku nalika sikilku tumapak ing tanah kelairanku. Anehe, atiku kok dheg-dhegan kaya arep ketemu malaikat. Anehe maneh jangkahku kedher kaya dierog dhemit.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

289